TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012
Dra. KENI MAHAYANTI
Dra. MISTIYAH
Drs. WINARTO
Dra. LILIK
PURWANINGSIH
Drs. TJATUR
IRIANTO
Drs.SOETRISNO
.

ATUR PANGIRING
Binarung raos bombonging manah, kapisungsungaken puji sukur alhamdulillah
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Mirah. Awit inggih amung saking
pitedah saha kamirahani – Pun, pangrakit saged ngrampungaken panyerating buku panuntun
punika.
Agunging
panuwun ugi kaaturaken dhumateng sadaya kadang sumitra ingkang sampun paring
sabiyantu dhumateng pangrakiting buku. Buku punika karakit awit saking
pamundhutipun para sutresna lan pamarsudi Basa Jawa. Pangrakiting buku
alelandhesan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan propinsi Jawa Timur.
Awit
saking pangrakiting buku punika ing pangajab sageda dados gegadhanganipun para
sutresna anggenipun badhe ngrembakakaken sarta
nglestantunaken Basa Jawa. Kejawi saking punika mugi – mugi buku punika
ugi saged dados panuntuning pamarsudi
basa, anggenipun lelumban ing basa, budaya sarta sastra Jawa.
Dene
menawi pangrakiting buku taksih tebih saking kasampurnan, punika awit saking
cubluk sarta kirang gaduking kesagedan kula. Pramila mawantu – wantu pangrakit
anampeni panyaruwenipun sadhengah pamaos murih sampurnaning reriptan. Boten
langkung panyerat namung saged nyuwun pangapunten awit saking sekeng sarta
ceweting seratan.
Ing
wusana ngaturaken sugeng maos, matur nuwun.
Pangripta,

KOMPETENSI DASAR
|
:
|
1.1.Memahami unsur instrinsik tembang macapat
|
INDIKATOR
|
:
|
1.1.1.
Mengidentifikasi jenis tembang macapat
1.1.2.
Menceritakan isi tembang macapat yang ditentukan.
1.1.3. Menemukan
pesan yang terkandung dalam tembang macapat yang ditentukan
|
A
|
SATANDAR KOPETENSI
|
:
|
1.
Memahami berbagai ragam wacana sastra melalui
kegiatan mendengarkan
|
B.
|
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
Memahami unsur instrinsik tembang macapat
|
C.
|
INDIKATOR
|
:
|
1.1.1. Mengidentifikasi
jenis tembang macapat
1.1.2. Menceritakan isi
tembang macapat yang ditentukan.
1.1.3. Menemukan pesan yang
terkandung dalam tembang macapat yang ditentukan
|
D.
|
MATERI
|
:
|
Tembang macapat
|

Tembang
macapat iku kalebu jinising tembang tradisional. Diarani tembang tradisional
amarga isih nganggo wewaton utawa paugeran utawa ciri kang gumathok. Tegese
ciri mau ora kena diowahi senajan mung sethithik wae , ora kena ditambah apa
dene disuda.
Paugerane tembang macapat sing baku ana telu yaiku :
·
guru gatra,
( cacahe larik saben sabait )
·
guru wilangan, ( cacahe suku kata saben
salarik )
·
guru lagu, ( tibane
swara vokal saben pungkasaning larik
)
Telung prekara iki ora kena diselaki, tegese ora
kena dikurangi uga ora kena ditambahi. Saben tembang wis duwe paugeran dhewe –
dhewe. Bab iku bisa kadeleng kaya format ing ngisor iki:
No.
|
Tembang
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
1
|
Maskumambang
|
12i
|
6 a
|
8 i
|
8 a
|
||||||
2
|
Mijil
|
10 i
|
6 o
|
10 e
|
10 i
|
6i
|
6u
|
||||
3
|
Kinanthi
|
8 u
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
||||
4
|
Sinom
|
8 a
|
8 i
|
8 a
|
8 i
|
7 i
|
8u
|
7 a
|
8 i
|
12a
|
|
5
|
Asmaradana
|
8 i
|
8 a
|
8 e/o
|
8 a
|
7 a
|
8u
|
8 a
|
|||
6
|
Dhandhanggula
|
10 i
|
10 a
|
8 e
|
7u
|
9 i
|
7 a
|
6u
|
8 a
|
12i
|
7 a
|
7
|
Gambuh
|
7 u
|
10 u
|
12 i
|
8 u
|
8 o
|
|||||
8
|
Pangkur
|
8 a
|
11 i
|
8 u
|
7 a
|
12 u
|
8 a
|
8 i
|
|||
9
|
Megatruh
|
12 u
|
8 i
|
8 u
|
8 i
|
8 o
|
|||||
10
|
Pocung
|
12 u
|
6 a
|
8 i
|
12a
|
Tuladha :
![]() |
Yen kita
jingglengi tembang ing ndhuwur kaya ing
ngisor iki :
A-me-ma-yu ha-yu-ning
pra- jal-mi
1 2
3 4 5
6 7 8
9 10 guru gatrane =
6
Kang- sa-mya pi-ta-dos guru wilangane = 10,6,10,10,6,5
1 2
3 4 5 6 guru lagu =
i,o,e,i,i,u
Ra-har-ja-ning- ja-gad
sa-i-si-ne
1 2
3 4 5
6 7 8
9 10 manawa
karingkes paugerane yaiku :
Mar-ma wa-jib
sa-mya den pe-pun-dhi
1 2
3 4 5
6 7 8
9 10 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 5u
Pa –ra sis-wa sa-mi kesimpulan
: manut paugerane
tembang
1 2
3 4 5 6 ing ndhuwur kalebu jinise tembang
Lan u mat sa
we gung MIJIL
1 2
3 4 5 5
GLADHEN :
1. Lali
– lali datan bisa lali
Malah saya katon
Umpamakna wit –
witan kang gedhe
Tinutuhan datan
bisa mati
Mrajak saya semi
Tresnaku
ngrembuyung
2. Aja sok kumalungkung
Sapa sira sarta sapa ingsun
Poma – poma aja nganti
dilakoni
Lamun sira anglakoni
Bebudenmu nyata asor
3. bocah iku saben – saben aja nesu
Tansah gawe gela
Mring wong tuwa amaneni
Yen mangkono incip – incip aneng
nraka
4. Dhandhang
Gendhis pepujaning ati
Tyasingwang wus
anglong
Lelimengan jagad
saisine
Lamun sira datan
anglanggati
Brantaning wak
mami
Manuta wong ayu
No.
|
Guru gatra
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Jinise tembang
|
Goleka tembang macapat liyane , templekana ana buku banjur golekana
paugerane !
Papan kanggo nemplekake :
![]() |

Apresiasi
uga diarani ngonceki. Apa ana kulite ? Ana, yaiku kang katon saka njaba utawa
paugeran kang kasad mata. Dene yen kepingin weruh isine utawa maksude tembang
mau kepriye, iku sarana negesi tembung – tembunge. Amarga tembang iku kalebu
reriptan nganggo basa endah, basa kang ora wantah, tegese kudu dionceki dhisik.
Carane kepriye ? Bisa kanthi cara parafrase kaya nggancarake guritan, bisa
langsung negesi tembung – tembunge kang angel, banjur katulis maneh satatane
nulis gancaran.
Tuladha :
Adhuh Gusti dhuh hyang widi kadi
pundi
Babo tulungana
Bapa biyung sampun suwargi
Mugya samya minggah swarga
Tembunge kang angel umpamane :
- hyang
widi = Gusti Allah
- kadi
pundi = piye, kepriye
- babo = ( tembung
panguwuh kanggo sambat )
- bapa = bapak
- biyung = ibu
- suwargi = mati
- samya = padha bareng
Tembang sapada ing ndhuwur nyaritakake:

Sambate bocah kang njaluk
pitulungan . Dheweke nyebut – nyebut asmane Gusti Allah supaya bapak lan ibune
kang wus seda ditampa lan padha bareng munggah suwarga
GLADHEN :
1. Putra
iku wajib bekti rama ibu
Kanthi asih tresna
Resepna sajroning ati
Jer tan bekti sanyata bocah
duraka
2. Aja sok kumalungkung
Sapa sira sarta sapa ingsun
Poma – poma aja nganti
dilakoni
Lamun sira anglakoni
Bebudenmu nyata asor
3. Adhiku
dhi bocah sigit
Aja tansah lewa – lewa
Mumpung padhang rembulane
Kalangane mumpung jembar
Aja nganti adhi lena
Sing seneng sregep sinau
Lamun gedhe bisa mulya
4. Werdine sabar mangkana
Datan kemba ing sabarang makarti
Ngapura mring para luput
Limpad ing panggraita
Tan kesesa waspada ing hambeg dudu
Tandang grayang mung samadya
Tanduk aris ulat manis
5. bocah iku saben – saben aja nesu
Tansah gawe gela
Mring wong tuwa amaneni
Yen mangkono incip – incip aneng nraka
Jangkepana tabel ing ngisor iki !
No.
|
Tembung
|
Tegese
|
1
|
Bekti
|
|
2
|
Rama
|
|
3
|
jer tan bekti
|
|
4
|
Duraka
|
|
5
|
Kumalungkung
|
|
6
|
sapa sira sapa ingsun
|
|
7
|
Poma
|
|
8
|
Lamun
|
|
9
|
bebudenmu nyata asor
|
|
10
|
bocah sigit
|
|
11
|
lewa – lewa
|
|
12
|
padhang rembulane
|
|
13
|
kalangane jembar
|
|
14
|
Lena
|
|
15
|
Werdine
|
|
16
|
datan kemba
|
|
17
|
sabarang makarti
|
|
18
|
limpad ing panggraita
|
|
19
|
Samadya
|
|
20
|
tanduk aris
|
- Tulisen
isine tembang – tembang ing dhuwur nganggo basa padinan !
Isine tembang kapisan :
..........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Isine tembang kapindho :
...................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Isine tembang katelu :
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Isine tembang kapapat:
.......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Isine tembang kalima :
.......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Pesen / amanat
kang ana ing tembang, yaiku apa wae kang kudu kita tindakake utawa kang kudu
kita tinggalake adhedhasar isi utawa surasane tembang mau. Kepriye bisane
njupuk amanat kang ana ing tembang ? Kita kudu bisa mbedhah isine nganti
ngetokake pesen kang ana ing sajroning tembang. Diarani ndhudhah, amarga bisa
wae pesen mau melok utawa gampang diweruhi, nanging uga ana pesen kang
sinamudana utawa samar – samar. Mula tembang kudu dibedhah utawa dionceki.
Tuladha :
Sabar maklum momot mengku
Iku pambegane resi
Yen satriya wirotama
Memayu ayuning bumi
Buta watak durangkara
Mburu butuhe pribadi
Yen kita bedhah tembang ing ndhuwur surasane
kurang luwih mangkene :
Sabar,
maklum, momot iku mujudake watake resi. Dene yen satriya wirotama iku watake
duwe kuwajiban memayu hayuning bawana (gawe ayem tentreming ngalam dony ). Kosok baline yen buta , watake durangkara
lan seneng mburu butuhe / kasenengane pribadhi, tegese ora tau mikirake
kepentingane wong liya.
Katrangan : Surasane tembang kinanthi ing ndhuwur mujudake
pitutur kanggo kita. Yen wus mangerteni wewatekane resi, satriya lan buta,
banjur kita milih kang endi ? Kepingin niru watake resi, satriya apa buta ?
Nyumanggakake !
Amanate : 1. Yen kita kepengin duwe watak sabar
lan sugih pangapura kita kudu niru watake resi. ( pandhita / kyai / wong kang
sholeh )
2. Yen kita kepingin dadi wong kang bisa
satriya wani mbelani kabeneran lan njejegake adil kudu niru watake satriya
wirotama.
3. Yen kita ora
kepingin dadi wong kang angkara murka aja nganti niru watake buta.
GLADHEN :
putra iku wajib bekti rama ibu
kanthi asih tresna
resepna sajroning ati
jer tan bekti sanyata bocah
duraka
- Tulisen amanate tembang ing ndhuwur !
wangsulan :
............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Aja sok kumalungkung
Sapa sira sarta sapa ingsun
Poma – poma aja nganti
dilakoni
Lamun sira anglakoni
Bebudenmu nyata asor
- Tulisen amanate tembang ing ndhuwur !
wangsulan :
............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Adhiku dhi bocah sigit
Aja tansah lewa – lewa
Mumpung padhang rembulane
Kalangane mumpung jembar
Aja nganti adhi lena
Sing seneng sregep sinau
Lamun gedhe bisa mulya
- Tulisen amanate tembang ing ndhuwur !
wangsulan :
............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
Werdine sabar mangkana
Datan kemba ing sabarang makarti
Ngapura mring para luput
Limpad ing panggraita
Tan kesesa waspada ing hambeg dudu
Tandang grayang mung samadya
Tanduk aris ulat manis
- Tulisen amanate tembang ing ndhuwur !
wangsulan :
............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
bocah
iku saben – saben aja nesu
Tansah gawe gela
Mring wong tuwa amaneni
Yen mangkono incip – incip aneng nraka
- Tulisen amanate tembang ing ndhuwur !
wangsulan :
................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................
- Goleka
tembang macapat liyane rong pada ( bait ) wae sing beda jinise, banjur
golekana amanate !
Papan
kanggo nemplekake :
|
|
Papan nggarap :
.............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

KOMPETENSI DASAR
|
:
|
2.1. Bermain
peran
|
INDIKATOR
|
:
|
2.1.1 Bermain peran sesuai dengan karakter dalam
Naskah
2.1.2 Apresiasi drama
|
A
|
SATANDAR KOPETENSI
|
:
|
2. Mampu
mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dengan cara bermain peran.
|
B.
|
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
2.1. Bermain
peran
|
C.
|
INDIKATOR
|
:
|
2.1.1 Bermain peran sesuai dengan karakter dalam
Naskah
2.1.2 Apresiasi drama
|
D.
|
MATERI
|
:
|
Naskah Drama “ Dudu
Impen Maneh “
|
A. Wacanen, apalna banjur praktekna karo kancamu
ana ngarep kelas !
Sore iku angin sumilir midit nganthi hawa
adhem. Sedhela maneh grimis riwis – riwis, sangsaya suwe bres -
bres deres. That – thit bola – bali sesamberan kilate nrobos omah
gubug pinggir desa. Sing ana njero gubug wong telu kruntelan nahan adhem,
tanpa kemul. Wengine tambah wengi swarane banyu saya ora keprungu.
|
|||
1
|
Emak
|
:
|
Alhamdulillah…
|
2
|
Darman
|
:
|
Maaak…. ( Darman
nyeluki emake karo ngempet adhem )
|
3
|
Sekar
|
:
|
Apa Man ?
|
4
|
Darman
|
:
|
Adhem….
|
5
|
Sekar
|
:
|
Kene rada cedhak mbake!
|
6
|
Darman
|
:
|
Mbak…
|
7
|
Sekar
|
:
|
Luwe ya….?
|
8
|
Darman
|
:
|
Ya…( manthuk karo
ngekep wetenge)
|
9
|
Sekar
|
:
|
Kosik , ya…( sekar
mingset ngranggeh tas elek cemanthol ing cagak gubug)
|
10
|
Sekar
|
:
|
Mak… emak arep nyapa?
|
11
|
Emak
|
:
|
Iki lo …( karo ngethungake panic elek isi beras
sethithik )
|
12
|
Sekar
|
:
|
Nggak usah, Mak! Ana iki lo! ( Sekar nuduhake bungkusan sega )
|
13
|
Emak
|
:
|
Sepurane ya cah, anakku! ( sinambi ngelus anake )
|
14
|
Sekar
|
:
|
Emak gak salah .
|
15
|
Darman
|
:
|
Saka Mbah Surip meneh ya, Mbak?
|
16
|
Sekar
|
:
|
Ya, Mbah Surip pancen sugih welas, loma nyata ora cethil.
|
17
|
Emak
|
:
|
Syukur Gusti Allah tansah maringi rejeki Mbah Surip.
|
18
|
Sekar
|
Mula awake dhawa ya kudu pangerten.
|
|
19
|
Emak
|
Sing enthengan tangan ya, anak – anakku.
|
|
20
|
Darman
|
:
|
Sayange Mbah Surip ora kagungan putra, ya? Umpama….….
|
21
|
Emak
|
:
|
Umpama apa , Man?
|
22
|
Sekar
|
:
|
Umpama apa?
|
23
|
Darman
|
:
|
Ora..…
|
24
|
Emak
|
:
|
Umpama kowe dipek Mbah Surip apa piye?
|
25
|
Sekar
|
:
|
Walah, aja kegedhen gantha yen tiba tiwas lara !
|
26
|
Emak
|
:
|
Geganthan kang gedhe ya apik, dianggep wae kuwi pandonga.
Yen gegayuhane dhuwur umpama oleha ngisore rak ya isih dhuwur ta?
|
27
|
Sekar
|
:
|
Umpama bapak ora lara……..
|
28
|
Darman
|
:
|
Apa maneh ora tinggal dhisik!
|
29
|
Emak
|
:
|
Aja padha getun, kabeh mau mung kersaning Pengeran..
|
30
|
Darman
|
:
|
Nanging….
|
31
|
Sekar
|
:
|
Ya, Darman, awake dhewe kudu bias nampa pepesthen iki.
|
32
|
Darman
|
:
|
Nanging……nalika bandhane awake dhewe arep entek gusis, kok
bapak malah…ting…gal…(Darman kaya
ngunandika lan nahan tangis)
|
33
|
Emak
|
:
|
Saora – orane isih ana tinggalan, senajan gubug cupet tur
ora rapet.
|
34
|
Darman
|
:
|
Najan kena diliwati wedhus, ya Mak? ( Semune Darman nglucu karo ngempet guyu )
|
35
|
Sekar
|
:
|
Ya, Darman, sih akeh lo sedulur kita kang urip ana ngisor
treteg.Mula kita sih kudu tetep syukur.
|
36
|
Emak
|
:
|
Ya ngger, sejatine kang diarani sugih iku ya mung wong
kang sugih panarima lan sugih syukur.
|
37
|
Sekar
|
:
|
Yen sugih panarima lan sugih sukur ateges ora ana
kekurangane, ya ta Mak?.
|
38
|
Emak
|
:
|
Bener. Jare simbah urip iki kaya ingering rodha, obah
owah.mula…
|
39
|
Darman
|
:
|
Mula, kala – kala sumuk kala – kala kadhemen, kala – kala
luwe kala – kala wareg .
|
40
|
Sekar
|
:
|
Weeh…saiki wis wareg tenan?
|
41
|
Darman
|
:
|
( manthuk karo
mesam - mesem )
|
42
|
Emak
|
:
|
Sekar, Darman, piye kahananmu ing sekolah ?
|
43
|
Darman
|
:
|
Biasa, Mak, la wong ya wong mlarat.
|
44
|
Emak
|
:
|
Nyapa?
|
45
|
Darman
|
:
|
Ya…mesthi dadi nyek – nyekan.
|
46
|
Sekar
|
:
|
Sejatine…..pengin urip
kaya dheweke….
|
47
|
Darman
|
:
|
Ya, Mbak, bias guyon, dolan – dolan, njajan, nunggang
pedhah nggawa HP…..
|
48
|
Emak
|
:
|
Walaaah….yen mung pengin guyon la mbok guyon, ngguyu ha
rak ora mbayar ta? Yen liyane ya….
|
49
|
Sekar
|
:
|
Liyane gak penting Mak. Paling ora awake dhewe sih bias
sekolah.
|
50
|
Emak
|
:
|
Sabar ya, Ngger? Njur olehmu melu lomba nulis piye, sida
apa ora?
|
51
|
Sekar
|
:
|
Kari nunggu pengumuman, Mak.
|
52
|
Emak
|
:
|
Ya, muga – muga wae
kasil.
|
53
|
Darman
|
:
|
Aku uga ndongakake Mbak, muga – muga Mbake oleh hadiah
limang yuta tenan.
|
54
|
Sekar
|
:
|
Alhamdulillah…
|
55
|
Emak
|
:
|
Nanging kang luwih penting dudu mung dhuwit limang yutane
Darman, sing penting pengalaman lan
kesempatan kanggo lomba nulis kuwi.
|
56
|
Sekar
|
:
|
Ya. Mak…..
|
57
|
Emak
|
:
|
Ya, wis, kana padha ndang turu, sesuk ben ora karipan.
|
Ora suwe wong telu
wis padha nglipus senajan olehe nggluntung
tanpa selimut brukut. Acara lomba nulis pranyata katut ginawa ing
peturon
|
|||
58
|
Siska
|
:
|
Hai, Sekar, kowe aja gaya ya!
|
59
|
Sekar
|
:
|
Nyapa ?
|
60
|
Mira
|
:
|
Aja kura – kura dalam perahu!
|
61
|
Sekar
|
:
|
Aku pancen ora ngerti apa sing kokkarepe?
|
62
|
Siska
|
:
|
Dasar, bocah
gembel!
|
63
|
Mira
|
:
|
Bocah gembel ya
gembel!
|
64
|
Siska
|
:
|
Wis, gembel, mlarat, gaya.
|
65
|
Mira
|
:
|
Bocah kaya ngono kuwi rap antes melu lomba nulis!
|
66
|
Sekar
|
:
|
Oo..bab lomba nulis ta ?
|
67
|
Siska
|
:
|
Paling – paling sing koktulis uripmu sing gembel lan
mlarat ta?
|
68
|
Mira
|
:
|
Ngisin - isini!
|
69
|
Sekar
|
:
|
Nanging….
|
70
|
Koor
|
:
|
Nggak usah nanging – nanging!
|
71
|
Mira
|
:
|
Lek wis gembel ya tetep gembel !
|
72
|
Siska
|
:
|
Nggak pantes kowe dadi juara!
|
73
|
Koor
|
:
|
Gak mungkin….( nyengar - nyengir)
|
74
|
Sekar
|
:
|
Nanging lomba nulis rak ora kusus kanggo wong sugih?
|
75
|
Siska
|
:
|
Tapi wong mlarat ya panggah mlarat, rumangsa ta lek
mlarat!
|
76
|
Mira
|
:
|
Rumangsamu kowe bias oleh dhuwit limang yuta kuwi?
|
77
|
Sekar
|
:
|
Wo…sampeyan pengin oleh dhuwit limang yuta?
|
78
|
Siska
|
:
|
Aja ngenyek,ya!
|
79
|
Mira
|
:
|
Dasar bocah mlarat, sombong !
|
80
|
Sekar
|
:
|
Wo, dak kira wong sugih ora mikiri dhuwit?
|
81
|
Koor
|
:
|
Kowe kok ngenyek tenan ta?
|
82
|
Siska
|
:
|
Aja sembarangan ya!
Omong saenake dhewe !
|
83
|
Sekar
|
:
|
Yen sampeyan butuh dhuwite dakdongakake oleh juara!
|
84
|
Mira
|
:
|
Kurang ajar tenan kowe! Ngenyek !
|
85
|
Sekar
|
:
|
Piye olehku bias ngenyek wong sugih kaya sampeyan, ngenyek
sapa wae aku ora bisa!
|
86
|
Siska
|
:
|
Nyatane kowe wis ngenyek!
|
87
|
Sekar
|
:
|
Njur aku kudu piye?
|
88
|
Mira
|
:
|
Mulane gak sah pengin dadi juara !
|
89
|
Siska
|
:
|
Awas ya lek kowe dadi juara! Mesthi nggawe dhukun kowe !
|
90
|
Mira
|
:
|
Ya, aku nggak terima. Mesthi main dhukun bocah iki !
|
91
|
Koor
|
:
|
Pokoke aku nggak trima! Cah gembel! Nggak duwe isin!
|
Ora nyana kanca –
kancane Sekar teka mbelani
|
|||
92
|
Suci
|
:
|
He, Sekar, ana apa?
|
93
|
Siska
|
:
|
Melu – melu ae!
|
94
|
Suci
|
:
|
Ana apa ta?
|
95
|
Sekar
|
:
|
Nggak apa – apa, Ci. ( ngempet tangis )
|
96
|
Siska
|
:
|
Gak usah ikut campur!
|
97
|
Mira
|
:
|
Arep dadi pembela?
|
98
|
Suci
|
:
|
Mbelani apa? Mbela iapa?
Nyapa ta, Kar? Apa lupute Sekar?
|
99
|
Koor
|
:
|
Uakeh !
|
100
|
Suci
|
:
|
Ha? Bener Sekar ? (
sekar mung meneng )
|
101
|
Siska
|
:
|
Pengin ngerti luputmu?
|
102
|
Suci
|
:
|
Apa aku ya duwe kaluputan marang awakmu?
|
103
|
Koor
|
:
|
Dasar!
|
104
|
Suci
|
:
|
Apa? Apa salahku lan Sekar?
|
105
|
Siska
|
:
|
Pisan mlarat!
|
106
|
Mira
|
:
|
Pindho sombong!
|
107
|
Koor
|
:
|
Katelu,melu lomba nulis!
|
108
|
Siska
|
:
|
Papat ngenyeki aku cah loro!
|
109
|
Suci
|
:
|
Akeh tenan luputku karo
lupute Sekar!
|
110
|
Sekar
|
:
|
Wis ta Ci ben lega atine!
|
111
|
Suci
|
:
|
Siska, Mira, apa lupute wong mlarat?
|
112
|
Siska
|
:
|
Mesthi wae kowe gak ngerti!
|
113
|
Mira
|
:
|
Merga kowe ya mlarat!
|
114
|
Suci
|
:
|
Nanging melu lomba nulis rak ora kudu sugih?
|
115
|
Siska
|
:
|
Ngono kuwi kowe ya gak ngerti!
|
116
|
Suci
|
:
|
Sekar, apa wong sugih kudu jahat ngono kuwi?
|
117
|
Sekar
|
:
|
Dakkira ora.
|
118
|
Koor
|
:
|
He!
|
119
|
Siska
|
:
|
Kowe aja sembarangan, ya!
|
120
|
Suci
|
:
|
Apa kang kokpenginake saka wong mlarat?
|
121
|
Siska
|
:
|
Pengin ?
|
122
|
Mira
|
:
|
Nyawang wae ra sudi kok!
|
123
|
Koor
|
:
|
Kok malah pengin?
|
124
|
Suci
|
:
|
Mulane nglaiha wae !
|
125
|
Sekar
|
:
|
Ya, wis ngaliha, gak sah ngurusi wong mlarat.
|
126
|
Suci
|
:
|
Sugiha paling lomba nulis ya gak isa. Ngono kok ngelok –
ngelokake terus!
|
127
|
Sekar
|
:
|
Ya, sing penting awake dhewe ora mlarat ati.
|
128
|
Koor
|
:
|
Rumangsamu aku ra duwe perasaan?
|
129
|
Sekar
|
:
|
Wis ta wis, aku saya ora mudheng karepmu!
|
130
|
Suci
|
:
|
Apa sejatine kang kudu ditindakake wong mlarat??
|
131
|
Siska
|
:
|
Wis meneng! Meneng! Meneng!
|
132
|
Mira
|
:
|
Aku nggak butuh kowe! Ngaliiiih!
|
133
|
Koor
|
:
|
Ngaliiih!!
|
134
|
Suci
|
:
|
Wis…wis…lungaa! Lungaa!
|
135
|
Sekar
|
:
|
Lungaaa! Lungaaaa! ( sekar
gragapan )
|
136
|
Emak
|
:
|
Sekar…Sekar…tangi..tangi…kowe ngimpi ndhuk ? ( Sekar molet banjur tangi )
|
137
|
Sekar
|
:
|
Walaaah….aku ngimpi.
|
138
|
Emak
|
:
|
Mulane yen arep turu aja lali ndonga.
|
139
|
Sekar
|
:
|
Sepurane ya, Mak!
|
140
|
Emak
|
:
|
Ya, wis gak papa kana enggal reresik adhikmu yaw is tangi!
|
Sadurung bocah –
bocah budhal sekolah esuk kuwi ana tamu ana gubuge Sekar
|
|||
141
|
Tamu
|
:
|
Assalamualaiku…..
|
142
|
Emak
|
:
|
Waalaikumsalam…mangga…mangga…wah…ngapunten…mboten…mboten..
|
143
|
Tamu
|
:
|
Mboten punapa Bu , wonten mriki mkemawon !
|
144
|
Emak
|
:
|
Ngapunten pancen kawontenanipun.….
|
145
|
Tamu
|
:
|
Mboten punapa – punapa kula mboten dangu kok.
|
146
|
Emak
|
:
|
Panjenengan sinten ? Saking pundit ? Wonten kersa punapa? ( gugup)
|
147
|
Tamu
|
:
|
Tenang, Bu. Kula saking sekolah, punapa leres punika
griyanipun Sekar?
|
148
|
Emak
|
:
|
Inggih…wah…wonten masalah nggih?
|
149
|
Tamu
|
:
|
Mboten, Bu.mboten wonten masalah.
|
150
|
Emak
|
:
|
Ngapunten…menawi bab mbayar sekolah mbok menawi ..…..
|
151
|
Tamu
|
:
|
O…mboten, punika malah bab….
|
152
|
Emak
|
:
|
Yektosipun kula pengin lare – lare saged kados kanca –
kancane nanging….
|
153
|
Tamu
|
:
|
Panci leres Sekar benten kaliyan kanca – kancanipun, Bu.
|
154
|
Emak
|
:
|
Kejawi gesang tansah kecingkarangan lare – lare ugi kirang
pinter.
|
155
|
Tamu
|
:
|
Wah, malah kosok wangsulipun, Bu.
|
156
|
Emak
|
:
|
Punapanipun?
|
157
|
Tamu
|
:
|
Wah, ibu lan Sekar punika sami – sami luhur ing budi.
|
158
|
Emak
|
:
|
Walaah…tiyang kados kula mboten saged punapa – punapa.
|
159
|
Tamu
|
:
|
Nanging wekdal punika Sekar leres – leres dados juara.
|
160
|
Emak
|
:
|
Alhamdulillah, Dhuh Gusti…juara …juara ?
|
161
|
Tamu
|
:
|
Sekar rak nembe
ndherek lomba nulis , la sapunika
pengumumanipun sampun medal, leres, sekar juara setunggal. Mangke keterangan
jangkepipun badhe kaparingaken wonten sekolah. Kula naming ngaturi bab
punika.
|
162
|
Emak
|
:
|
Oh….Sekar juara lomba nulis ? Alhamdulillah Gusti….Matur
nuwun Gusti…
|
Sekar lan Darman arep budhal sekolah
|
|||
163
|
S + D
|
:
|
Maaak…. ..( nyalami mak e ) O , wonten tamu
ta ( salaman karo tamune )
|
164
|
Tamu
|
:
|
Sekar…iki adhik sampeyan? ( nuding Darman)
|
165
|
Sekar
|
:
|
Inggih, Darman.
|
166
|
Tamu
|
:
|
Wahsampeyan mesthi bocah – bocah pinter.
|
167
|
S + D
|
:
|
Matur nuwun…nanging….
|
168
|
Tamu
|
:
|
Nanging nyapa?
|
169
|
Sekar
|
:
|
Tiyang kados kula mboten wantun nyawang donya.
|
170
|
Tamu
|
:
|
Wah, puitis banget
tembungmu?
|
171
|
Darman
|
:
|
Mesem mawon kula mboten saged.
|
172
|
Emak
|
:
|
Ngapunten lo, lare – lare panic ngaten.
|
173
|
Tamu
|
:
|
Wiwit dina iki sampeyan kudu wani nyawang ndonya kanthi
panyawang kang manteb.
|
174
|
Sekar
|
:
|
Walaah…mboten wonten modhalipun.
|
175
|
Tamu
|
:
|
La iki modale. ( Sekar lan Darman ndomblong nyawang amplop kang
diathungke tamune `)
|
176
|
Emak
|
:
|
Sekar, Bapake ngasta pengumuman olehmu lomba nulis. Dadi
sampeyan oleh juara.
|
177
|
S + D
|
:
|
Alhamdulillaaaah……Mak….( ngrangkul mak e trenyuh )
|
178
|
Darman
|
:
|
Wah…oleh dhuwit limang yuta , Maaak. ( katon seneng )
|
179
|
Tamu
|
:
|
Ora mung kuwi.
|
180
|
S + D
|
:
|
Lajeng…?
|
181
|
Tamu
|
:
|
Wiwit saiki kabutuhan sampeyan dadi tanggungane sekolah.
|
182
|
Sekar
|
:
|
Alhamdulillah….maturnuwun sanget….
|
183
|
Tamu
|
:
|
Awit saka tulisanmu iku, sekolah mangerteni Manawa akeh
siswa lan masyarakat kang butuh kawigaten kusus. Apa maneh ana sesambungane
karo ketrampilan kang diwenehake Mbah Surip ing kelompoke kuwi. Waah….
|
184
|
Sekar
|
:
|
Matur nuwun….
|
185
|
Tamu
|
:
|
Sekolah bakal nganakake sesambungan karo dinas social
kanggo nyengkuyung apa kang wis ditindakake Mbah surip kanggo ngopeni bocah –
bocah kang butuh kawigaten kuwi.
|
186
|
Emak
|
:
|
Matur nuwun…tiwas
keleresan….
|
187
|
Tamu
|
:
|
Inggih, kula kinten sawetawis kula cekap, mangke sawanci –
wanci panjenengan kaundang dhateng sekolah .
|
188
|
Koor
|
:
|
Inggih…inggih…matur nuwun
|
189
|
Tamu
|
:
|
Sampun nyuwun pamit, punika kangge Sekar. (
ngulungake amplop)
|
190
|
Emak
|
:
|
Matur nuwun Gusti….Paduka sampun paring kanugrahan
dhumateng kula sadaya….
|
191
|
Sekar
|
:
|
Matur nuwun , Maaak…dongane Emak kabul…
|
192
|
Darman
|
:
|
Selamet ya ,Mbak…
|
193
|
Emak
|
:
|
Bocah – bocah..sing gedhe rasa syukurmu. Kabeh iki mung
karsaning Gusti Kang Maha Agung. Kowe kabeh aja nganti takabur. Dingati – ati
nalika tampa rejeki..
|
194
|
Koor
|
:
|
Matur nuwun Gusti…….(
sujud) ………
|
195
|
Emak
|
:
|
Wis…wis…kana gek budhal sekolah…tiwas telat….
|
196
|
Koor
|
:
|
Assalamualaikum Maaak…. ( salaman terus budhal ) BAAAR…..
|
GLADHEN :
Gawea kelompok, banjur naskah drama ing ndhuwur
apalna, yen wis siap paragakna ana ngarep kelas !
Format
penilaian :
No.
|
Nama
|
Vokal
( 15 – 30 )
|
Ekspresi
( 15 – 40 )
|
Kekompakan
( 15 – 30 )
|

Drama yaiku salah
sijining kasusastran kang nglimputi telung dimensi, yaiku sastra, basa lan
pagelaran . Kanggo nggampangake apresiasi, becike naskah drama kudu
diparagakake. Adhedhasar peragaan utawa pementasan saka kanca – kancamu ana
ngarep kelas, kita bisa ngrasakake kepriye mungguh settinge, wewatakane paraga
, alure lan amanate kang ana naskah
kanthi gamblang.
GLADHEN :
1. Pethikan
naskah drama ing ngisor iki golekana setting panggone, banjur tulisen ukara
kang mbuktekake !
Sore iku angin sumilir
midit nganthi hawa dhem. Sedhela maneh grimis riwis – riwis, sangsaya
suwe bres - bres deres. That – thit bola – bali
sesamberan kilate nrobos omah gubug pinggir desa. Sing ana njero gubug wong
telu kruntelan nahan adhem, tanpa kemul. Wengine tambah wengi swarane banyu
saya ora keprungu.
|
|||
1
|
Emak
|
:
|
Alhamdulillah…
|
2
|
Darman
|
:
|
Maaak…. ( Darman
nyeluki emake karo ngempet adhem )
|
3
|
Sekar
|
:
|
Apa Man ?
|
4
|
Darman
|
:
|
Adhem….
|
5
|
Sekar
|
:
|
Kene rada cedhak mbake!
|
6
|
Darman
|
:
|
Mbak…
|
7
|
Sekar
|
:
|
Luwe ya….?
|
8
|
Darman
|
:
|
Ya…( manthuk karo
ngekep wetenge)
|
9
|
Sekar
|
:
|
Kosik , ya…( sekar
mingset ngranggeh tas elek cemanthol ing cagak gubug)
|
10
|
Sekar
|
:
|
Mak… emak arep nyapa?
|
11
|
Emak
|
:
|
Iki lo …( karo ngethungake panic elek isi beras
sethithik )
|
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2. Adhedhasar
pethikan naskah drama ing ndhuwur mau golekana setting wektune!
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3. Adhedhasar pethikan
naskah drama ing ngisor iki golekana setting swasanane, tulisen ukara kang
mbuktekake !
173
|
Tamu
|
:
|
Wiwit dina iki sampeyan kudu wani nyawang ndonya kanthi
panyawang kang manteb.
|
174
|
Sekar
|
:
|
Walaah…mboten wonten modhalipun.
|
175
|
Tamu
|
:
|
La iki modale. ( Sekar lan Darman ndomblong nyawang amplop kang
diathungke tamune `)
|
176
|
Emak
|
:
|
Sekar, Bapake ngasta pengumuman olehmu lomba nulis. Dadi
sampeyan oleh juara.
|
177
|
S + D
|
:
|
Alhamdulillaaaah……Mak….( ngrangkul mak e trenyuh )
|
178
|
Darman
|
:
|
Wah…oleh dhuwit limang yuta , Maaak. ( katon seneng )
|
179
|
Tamu
|
:
|
Ora mung kuwi.
|
180
|
S + D
|
:
|
Lajeng…?
|
181
|
Tamu
|
:
|
Wiwit saiki kabutuhan sampeyan dadi tanggungane sekolah.
|
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
4. Adhedhasar pethikan naskah drama ing
ngisor iki golekana watake paraga – paragane, tulisen ukara kang mbuktekake !
104
|
Suci
|
:
|
Apa? Apa salahku lan Sekar?
|
105
|
Siska
|
:
|
Pisan mlarat!
|
106
|
Mira
|
:
|
Pindho sombong!
|
107
|
Koor
|
:
|
Katelu,melu lomba nulis!
|
108
|
Siska
|
:
|
Papat ngenyeki aku cah loro!
|
109
|
Suci
|
:
|
Akeh tenan luputku karo
lupute Sekar!
|
110
|
Sekar
|
:
|
Wis ta Ci ben lega atine!
|
111
|
Suci
|
:
|
Siska, Mira, apa lupute wong mlarat?
|
112
|
Siska
|
:
|
Mesthi wae kowe gak ngerti!
|
113
|
Mira
|
:
|
Merga kowe ya mlarat!
|
114
|
Suci
|
:
|
Nanging melu lomba nulis rak ora kudu sugih?
|
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….……………………………………………………………
5. Kepriye watake paraga emak ana
pethikan naskah ing ngisor iki ?
191
|
Sekar
|
:
|
Matur nuwun , Maaak…dongane Emak kabul…
|
192
|
Darman
|
:
|
Selamet ya ,Mbak…
|
193
|
Emak
|
:
|
Bocah – bocah..sing gedhe rasa syukurmu. Kabeh iki mung
karsaning Gusti Kang Maha Agung. Kowe kabeh aja nganti takabur. Dingati – ati
nalika tampa rejeki..
|
194
|
Koor
|
:
|
Matur nuwun Gusti…….(
sujud) ………
|
195
|
Emak
|
:
|
Wis…wis…kana gek budhal sekolah…tiwas telat….
|
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
6. Tulisen amanat kang bisa kajupuk saka
pethikan ing ngisor iki, tulisen ukara
kang mbuktekake !
58
|
Siska
|
:
|
Hai, Sekar, kowe aja gaya ya!
|
|
59
|
Sekar
|
:
|
Nyapa ?
|
|
60
|
Mira
|
:
|
Aja kura – kura dalam perahu!
|
|
61
|
Sekar
|
:
|
Aku pancen ora ngerti apa sing kokkarepe?
|
|
62
|
Siska
|
:
|
Dasar, bocah
gembel!
|
|
63
|
Mira
|
:
|
Bocah gembel ya
gembel!
|
|
64
|
Siska
|
:
|
Wis, gembel, mlarat, gaya.
|
|
65
|
Mira
|
:
|
Bocah kaya ngono kuwi rap antes melu lomba nulis!
|
|
66
|
Sekar
|
:
|
Oo..bab lomba nulis ta ?
|
|
67
|
Siska
|
:
|
Paling – paling sing koktulis uripmu sing gembel lan
mlarat ta?
|
|
68
|
Mira
|
:
|
Ngisin - isini!
|
|
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
7. Golekana amanate pethikan naskah ing
ngisor iki, tulisen ukara kang mbuktekake !
32
|
Darman
|
:
|
Nanging……nalika bandhane awake dhewe arep entek gusis, kok
bapak malah…ting…gal…(Darman kaya
ngunandika lan nahan tangis)
|
33
|
Emak
|
:
|
Saora – orane isih ana tinggalan, senajan gubug cupet tur
ora rapet.
|
34
|
Darman
|
:
|
Najan kena diliwati wedhus, ya Mak? ( Semune Darman nglucu karo ngempet guyu )
|
35
|
Sekar
|
:
|
Ya, Darman, sih akeh lo sedulur kita kang urip ana ngisor
treteg.Mula kita sih kudu tetep syukur.
|
36
|
Emak
|
:
|
Ya ngger, sejatine kang diarani sugih iku ya mung wong
kang sugih panarima lan sugih syukur.
|
37
|
Sekar
|
:
|
Yen sugih panarima lan sugih sukur ateges ora ana
kekurangane, ya ta Mak?.
|
38
|
Emak
|
:
|
Bener. Jare simbah urip iki kaya ingering rodha, obah
owah.mula…
|
39
|
Darman
|
:
|
Mula, kala – kala sumuk kala – kala kadhemen, kala – kala
luwe kala – kala wareg .
|
40
|
Sekar
|
:
|
Weeh…saiki wis wareg tenan?
|
41
|
Darman
|
:
|
( manthuk karo mesam
- mesem )
|
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
A.
STANDAR KOMPETENSI
|
:
|
4. Mengungkapkan pikiran,
gagasan, perasaan dan informasi dalam bentuk
|
||
B.
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
4.2 Menulis huruf Jawa
|
||
C.
INDIKATOR
|
:
|
4.2.1 Menulis Jawa dengan aksara murda
|
||
D. MATERI
|
:
|
Aksara Murda
|
||

AKSARA
MURDA
Murda
tegese sirah. Aksara Murda = aksara sirah utawa aksara gedhe. Aksara Jawa ( hanacaraka ) kuwi ora duwe aksara gedhe.
Kabeh aksarane padha. Supaya ana banjur dianakake kanthi njupuk aksara mahaprana , aksara kang kudu
diucapake kanthi abab akeh. Aksara iki anane ing Basa Sansekerta kang aksarane
disebut aksara Pallawa, embah buyute aksara Jawa. Sawise diadopsi dadi aksara
Jawa , aksara iki ora dadi aksara mahaprana maneh, nanging dadi aksara alpaprana , diucapake kanthi abab
kang lumrah bae. Dadi aksara iki ora dianggep aksara anyar, nambahi aksara Jawa
sing cacah 20 kuwi, nanging mung dianggep minangka aksara gedhe.
Wujude aksara
murda yaiku :
! @
# $ %
^ & *
Aksara Jawane
yaiku :
n k
t s p
j g b
pasangane :
® ¯ ±
° ² ³ ´ µ ( kajaba pa, kabeh manggon ngisor)
Wiwitane aksara murda mung kanggo pakurmatan wae, tegese
mung kanggo nulis asmane wong-wong luhur, jejuluke lan padunungane. Nanging
saiki kabeh jeneng becike ditulis nganggo aksara murda . Sajeneng aksara
murdane siji wae sing manggone
ngarep dhewe, yen ora ana ya mburine. Mangkono sateruse.
Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Yen
ndilalah sing kudune katulis nganggo aksara murda dadi sigeg , aksara mburine
wae sing ditulis nganggo aksara murda, yen mburine wis ora ana , ya ora usah nganggo aksara
murda.
Tuladha :
No.
|
Latin
|
Jawa
|
1.
|
Neni
|
[ ! ni
|
2.
|
Kartala
|
@/ t l
|
3.
|
Tarmuji
|
#/ mu ji
|
4.
|
Sutrisna
|
$u ti] sN
|
5.
|
Panut
|
% nu t\
|
6.
|
Marjuki
|
m/ ^u ki
|
7.
|
Bima
|
&i m
|
8.
|
Gunawan
|
&u n w n\
|
9.
|
Dhik Nardi
|
di k®/ fi
|
10.
|
Mas Karta
|
ms¯/ t
|
GLADHEN :
Jangkepana tabel ing ngisor iki !
No.
|
Latin
|
Jawa
|
|
|
Sapta Kusuma
|
|
|
|
Karina
|
|
3.
|
Ninik
Suhariyati
|
|
4.
|
Tribuwana
|
|
5.
|
Darius
Sinatria
|
|
6.
|
Deni
Setiawan
|
|
7.
|
Warsita
|
|
8.
|
Srihantari
|
|
9.
|
Lambreta
|
|
10.
|
Bramantya
|

KOMPETENSI DASAR
|
:
|
3.1 Membaca Intensif
|
INDIKATOR
|
:
|
3.1.1 Memahami makna kata yang ada dalam wacana
3.1.2. Memahami jenis kata
dalam wacana
3.1.3. Memahami jenis
kalimat dalam wacana
3.1.4. Menemukan gagasan
utama paragrap dalam wacana
3.1.5. Menyimpulkan isi
wacana
3.1.6. Menemukan hal-hal yang dapat diteladani dari
Wacana
|
A.
STANDAR KOMPETENSI
|
:
|
3.
Memahami teks melalui kegiatan
membaca intensif
|
B.
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
3.1
Membaca Intensif
|
C.
INDIKATOR
|
:
|
3.1.1 Memahami makna kata yang ada dalam wacana
3.1.2. Memahami jenis kata
dalam wacana
3.1.3. Memahami jenis
kalimat dalam wacana
3.1.4. Menemukan gagasan
utama paragrap dalam wacana
3.1.5. Menyimpulkan isi
wacana
3.1.6. Menemukan hal-hal yang dapat diteladani dari
Wacana
|
D.
MATERI
|
WACANA KAKA
|

Kaka,
jeneng kang tau diremehake. Iki dumadi nalika manajer umum klub bal-balan
Juventus , Luciano Moggi, komentar ngenyek, nalika jeneng Kaka ‘beredar’ ing
bursa pemain-pemain anyar saka Brazil, “ Kaka? Aku ora bakal ngontrak pemain
kanthi jeneng kaya ngono kuwi!”
Cilakane malah jeneng Luciano Moggi
sing tansah disebut yen anekdot iki dicritakake maneh saben Kaka mbuktekake yen
jeneng ‘kaya ngono kuwi’ ora ngalangi dheweke dadi pemain hebat ing bumi iki. Tahun 2007, rong gelar wis kacekel yaiku
European Footballer of the Year lan FIFA Player of the Year. Iki merga perane
ing AC Milan, ndadekake juara Liga Champions Eropa lan juara Piala Dunia antar
klub FIFA ing Jepang. Ing kejuaraan
sing pungkasan iki, Kaka dinobatake dadi pemain terbaik.
Kaka
dilairake ing Kutha Brasilia kanthi jeneng Richardo Izecson Santos Leite,
putrane Bosco Leite, sawijining insinyur kang sukses saengga bisa
digolongake ing posisi sosial kelas
menengah , kang biasane dudu papan asale para pemain bal-balan.
Ing
Brazil, bal-balan minangka ‘jembatan emas’, ora mung kanggo kelas ngisor,
nanging uga kelas sing paling asor kaya sawetara pemain bal-balan kondhang saka
Brazil, kayata Pele, Romario, malah Ronaldo lan Ronaldinho kang asale saka favella utawa slum alias perkampungan kumuh. Wiwitane mung nendhang bal plastik
ing sembarang lingkungan, para pemain ngetop iki thukul alamiah kanthi cara
maine kang ora tinemu ing buku. Mulane para pemain Brazil lumrah
disebut seniman bal-balan.
Beda karo Kaka. Nalika isih umur patang taun, kulawargane pindhah menyang
Curitiba , Brazil sisih kidul, banjur telung
taun maneh menyang Sao Paolo. Wektu iku guru olahragane nganjurake marang
Simone, ibune Kaka kang dadi guru Matematika, supaya putrane dilebokake sekolah
bal-balan. Kanthi cepet Kaka dadi anggota, lan ing taun 1977, ing umur 15 taun,
dheweke wis
mlebu tim yunior klub kang kondhang ing kono. Prestasi kaya ngene iki kanggone
masyarakat kelas ngisor ora dadi masalah, merga wis ora duwe pilihan liyane. Nanging
kanggone Kaka iki dadi masalah, merga dheweke isih duwe pilihan kang akeh
banget.
Mulane wong tuwane banjur paring
bantuan kanggo gawe keputusan. “Bapak ibu nuduhake bot repote kang arep
dakadhepi yen aku dadi pemain bal-balan, lan uga yen sinau terus supaya dadi
insinyur kaya bapakku.” Banjur
ngendikane,” Saiki gumantung kowe. Bakal koktemokake seneng lan susah ing
loro-lorone, pilihan ana ing tanganmu lan aku sakloron bakal nyengkuyung.”
Pilihane Kaka wis kita ngerteni. Kang luwih perlu kita ngerteni yaiku
semangate kanggo nggayuh pepenginane dadi pemain top. Nalika isih dadi pemain
cadangan ing Sao Paolo, Kaka wis ngrancang 10 langkah kanggo nggayuh
pepenginane yaiku : (1) main maneh; (2) direkrut Sao Paolo dadi professional ;
(3) klebu 25 anggota tim senior Sao Paolo ; (4) klebu 18 anggota tim sing melu
ing permainan ; (5) dadi starter ing tim 11 wong ; (6) main ing kejuaraan dunia
yunior ; (7) mlebu tim nasional senior Brazil ;(8) main kanggo Brazil ;(9) main
ing Piala Dunia ;lan (10) pindah menyang klub gedhe ing Itali utawa Spanyol.
Apa
ora kemoncolen ing atase isih umur 19 taun duwe rancangan kaya ngono kuwi?
Nyatane angka 1 nganti 9 bisa digayuh ing wektu 18 wulan! Edan tenan! Suksese
Kaka diwiwiti nalika pelatihe kang aran Oswaldo Alvarez mromosekake dheweke ing
tim professional. Kaka nyetak rong gol ndadekake Sao Paolo juara ngalahake
Botafogo ing final turnamen Rio-Sao Paolo. Lair fenomena anyar kang dicathet
pers minangka ‘Kaka” nirokake adhike kang ora bisa ngucapake “Richardo”. Wiwit
kuwi Sang Pahlawan Richardo Izecson
Santos Leite ngumumake yen dheweke luwih
seneng diceluk utawa diparabi ‘Kaka’.
Rupane kang
gantheng kang wis dimot ing koran-koran ndadekane
kabeh warga Brazil
‘jatuh cinta’ marang dheweke. Wulan-wulan
candhake , para kenya padha histeris nganti semaput-semaput saben bal tumuju
marang Kaka.
Gegayuhane
Kaka wusanane maujud nalika para ‘pencari bakat’ saka Eropa krungu. Mula Kaka
banjur ditransfer dening AC Milan. Ing tangane Carlo Ancelotti, Kaka diwenehi
posisi kang cocog karo kemampuane , kang ndadekake dheweke dadi pemain paling
larang bayarane ing Itali.
Pamore Kaka saya
katon. Dheweke dadi top scorer kanthi
10 gol ing Liga Champions Eropa 2006/2007. Lan saiki ,senajan wis dianyang 90
yuta Euro ( luwih saka 100 milyar) dening Real Madrid ,dheweke isih seneng neng
Milan.
( Sulih basa lan adaptasi saka : Intisari
Februari 2008)
Pasangna
tembung-tembung saka wacan ing dhuwur karo tegese kang ana ing kolom tengene!
a
b
c
d
e
f
g
h
i
j
k
l
m
n
o
p
q
r
|
Manajer
bursa
ngontrak
anekdot
jembatan emas
direkrut
professional
starter
yunior
senior
fenomena
kemoncolen
mromosekake
histeris
ditransfer
pamore
top scorer
|
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
|
minangka
penggawean
sing munculake
semangat
kedhuwuren
pengangen
didadekake
anggota
ekspresi
seneng/susah dibarengi bengok-bengok
daya kaluwihane
kedadean ora biasa
pimpinan
gadhis
enom; durung
pati pinter
crita sindiran
sing lucu
mamerake ben
payu
pencetak gol
paling akeh
saat nawakake
lan nganyang
dipindhahake
cara sing
gampang lan cepet
tuwa ;
mbayari pemain
supaya main ing klube
|
1)
Miturut pangrimbage ( proses dumadine ) , tembung
kaperang dadi loro yaiku : tembung lingga lan tembung andhahan.
2)
Miturut teges/arti kang kinandhut ing tembunge ana
sepuluh (panggolongane Aristoteles) yaiku:
a)
Tembung Aran ( Nomina)
b)
Tembung Kriya (Verba)
c)
Tembung Watak (Ajectiva)
d)
Tembung Wilangan ( Numeralia)
e)
Tembung Panerang (Adverbia )
f)
Tembung Sesulih ( Pronomina)
g)
Tembung Panggandheng (Konjungsi)
h)
Tembung Ancer-ancer ( Preposisi)
i)
Tembung Panyeru (Interjeksi)
j)
Tembung Panyilah ( Artikula )
Tembung
Lingga
Yaiku tembung kang durung owah saka
asale, maksude isih asli kaya kang tinulis ing kamus-kamus.
Saka wacan
ing dhuwur contone: Kaka, jeneng, kang,
tau, iki, nalika, umum, klub, bal, Juventus , Luciano, Moggi, komentar , ing , bursa , anyar, saka ,
Brazil, aku , ora , bakal, kanthi,
kaya, ngono, kuwi, lan liya-liyane.
Tembung
Andhahan
Yaiku tembung kang wis owah saka asale. Owahe merga ana proses
kang disebut :
- Afiksasi yaiku proses penambahan , nempel ing tembunge. Yen nempele ing ngarep diarani prefiks ( ater-ater ), yen ing tengah diarani infiks(seselan), yen ing mburi diarani sufiks(panambang). Prefiks kang ana ing Basa Jawa yaiku : nasal N- (anuswara : n-,m-, ny- lan ng- ) , a-, ma-, ma N-, mer-, ka-, ke- , di-, sa-, pa-, pa N-,pi-, pri-, pra-, tar-, kuma- kami-, kapi-. Infiks kang ana ing Basa Jawa yaiku: -in-, -um-, -el- , -er-. Dene sufik kang ana yaiku ; -i, -a, -e,- en,-an,-na,- ana, -ane lan –ake.
Saka wacan ing dhuwur conto kang ana
yaiku :
diremehake ® saka tembung remeh oleh prefiks di- lan sufiks –ake
dumadi ® saka tembung dadi oleh infiks -um-
® dumadi
ngenyek ® saka tembung enyek oleh prefiks N (ng- )
cilakane ® saka
tembung cilaka oleh sufiks –an + -e ®cilaka
+an+e ®
cilakane
ngalangi ® saka
tembung alang oleh prefiks N (ng-)
lan sufiks –i.
Lan liya-liyane, golekana
dhewe.
- Reduplikasi
yaiku proses ngambali utawa mbaleni satembung utawa sabageyane tembung.
Ing Basa Jawa ana telung werna reduplikasi yaiku ; dwilingga, dwipurwa lan
dwiwasana.
Dwilingga iku proses
pangambalan satembung wutuh, umpamane : endi-endi, manthuk-manthuk,
piyambak-piyambak
Kalebu sing diwenehi prefiks
lan sufiks : nedheng-nedhenge, mawantu-wantu, sawanci-wanci utawa sing diowahi
swarane : wigah-wigih, mloka-mlaku, muna-muni lsp.
Dwipurwa iku proses
pangambalan sawanda sing ngarep saka sawijining tembung : juluk ® jujuluk
owah dadi jejuluk
Parab ®paparab
owah dadi peparab
Dwiwasana iku proses pangambalan sawanda sing buri saka sawijining
tembung :
cekik ( swara mandheg ing gulu) ® cekik + kik ®cekikik
dhepis ®
dhepis+ pis ®dhepipis lsp.
- Komposisi yaiku proses nggandhengake tembung karo tembung liyane ( camboran/ majemuk). Ing Basa Jawa ana rong werna yaiku nggandheng wutuh lan nggandheng cekak. Tuladhane : ngalor ngidul ( ora karuwan arahe) , golek dhuwit ( nyambut gawe), panastis ( saka panas + atis ) ®tegese demam/ adhem panas , thukmis (saka bathuk + klimis ) ® tegese mata keranjang ( Ind.)
Jinising
tembung miturut Aristoteles :
- Tembung Aran
Teges kang kinandhut ngarah marang jenenge barang, kewan lan menungsa
sarta marang konsep utawa pengertian. Titenane tembung aran bisa ditambahi ‘dudu’ ing ngarepe. Conto : Kaka ® bisa ditambahi dudu ® dudu Kaka
bal ® bisa ditambahi dudu ® dudu bal
jeneng ® dudu jeneng
manajer ® dudu manajer
klub ® dudu klub
lan liya-liyane
b. Tembung Kriya
Nggambarake aktivitas , kalebu
aktivitas pikiran.
Conto : ngenyek, ngontrak ,
dicritakake, mbuktekake , ngalangi, dinobatake, lsp.
c. Tembung
watak
Nuduhake kahanane wong, barang,
kewan,konsep . Titenane bisa digabung karo tembung ora, luwih, rada , banget .
Contone : anyar, hebat, sukses, asor,
kumuh
- Tembung wilangan
Nuduhake jumlah
utawa cacah. Titenane bisa kanggo njawab pitakonan ‘pira’ utawa ‘kapira’
Contone : siji, sewu, katelu, akeh,sethithik
- Tembung Panerang
Menehi katrangan marang verba, ajektiva, numeralia
Contone : ana verba ‘ ngontrak’ bisa ditambahi
lagi, durung ,mentas
ana ajektiva ‘
gantheng’ bisa ditambahi banget, pancen
ana numeralia ‘sewu’ bisa ditambahi mung,
kari, kurang
- Tembung Sesulih
Minangka gantine tembung aran. Upamane ana aran Kaka .Yen lagi omong,
Kaka nyebut awake dhewe ‘aku’ , dene yen ramane sing nagajak ngendikan
nyebut ‘kowe’, yen wong liya sing
ngomongake nyebut ‘dheweke’ . Yen ana wonng takon : Sapa pemain sing larang dhewe bayarane ing AC Milan? Tembung sapa
uga minangka gantine Kaka. Semono uga yen ana sing nuduhi: kae lho wonge.
Saka werna-werna tembung sesulih mau banjur digolongake:
- sesulih purusa( wong) :
aku,ingsun,kula ,adalem ®utama purusa
(purusa I)
kowe,sliramu,panjenengan,sampeyan,sira ®madyama pu
rusa ( purusa II)
dheweke, panjenenganipun®pratama purusa (purusa III)
- Tembung Panggandheng
Gunane kanggo nggandheng rong tembung utawa rong ukara . Contone tembung
: lan, yen , supaya, nganti, banjur, senadyan, saengga, pramila, sawise,
kamangka lsp.
- Tembung ancer-ancer
Kanggo ngancer-anceri/ dhisiki tembung liyane. Tembung ancer-ncer ora
bisa diilangi saka tembung mburine. Gatekna tembung ancer-ancer ing ukara-ukara
ngisor iki :
-
Dhuwit
iki kanggo kowe lan adhimu.
-
Wenehna layang iki marang
Bu Darmi
-
Bukune gumlethak ing
lemah.
-
Golekan
kuwi digawe saka kayu.
-
Lastri luwih pinter tinimbang
Murti.
- Tembung Panyeru
Kanggo medharake rasa :gumun, sedhih, kaget, gila(jijik), getun,pasrah
lsp.
Kang kalebu ing tembung iki yaiku : lho,wah, biyuh, lha, lhadalah, kok,
hus, heh, eman, tobat,ih, ah, uh,hem ,mbok,sokur lsp.
- Tembung Panyilah
Kanggo rerenggane nomina. Tuladha:
- Sang Pahlawan Richardo Izecson Santos
Leite ngumumake yen dheweke luwih seneng
diceluk utawa diparabi ‘Kaka’.
-
Sri Sultan bakal nyalonane dadi presiden taun
ngarep.
-
Ingkang rama
menapa wonten ndalem ,Mbak?
-
Para rawuh kula aturi jumeneng .
GLADHEN :
Coba tembung-tembung ing paragraf ngisor iki yen
katitik saka teges kang kinandhut ing tembunge
aranana kalebu jinise tembung apa!
No.
|
Tembung
|
No.
|
Jinise Tembung
|
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
|
Rupane
kang
gantheng
dimuat
ing
koran
ndadekane
kabeh
warga
cinta
marang
dheweke
wulan
candhake
para
padha
histeris
nganti
semaput
saben
bal
tumuju
Kaka
|
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
|
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
………………………
|
Ukara bisa
digolong-golongake manut surasane .
Ing Basa Jawa ,
sing pokok, ana patang jinis yaiku :
·
ukara
andharan
·
ukara agnya (prentah)
·
ukara pitakon
·
ukara
panyeru.
Ukara andharan surasane =è menehi
informasi marang sing maca utawa ngrungokake.
Tuladha =è
Kaka dinobatake dadi pemain terbaik dening FIFA.
Ukara Agnya /
Prentah =è menehi prentah marang sing dijak omong / maca.
Tuladhane =è
Bapak pundhutna tabloid Soccer ,Dhi !
Ukara pitakon =è
njaluk informasi marang sing dijak omong / maca.
Tuladhane =è
Kowe nonton AC Milan
musuh Inter Milan ?
Ukara panyeru =è
nuduhake rasa pangrasa kang kuwat banget marang sawijining objek.
Tuladhane =è
Biyuh, ngguantheng ya Kaka kuwi!
Ukara uga bisa
digolongake miturut wujude.
Ukara kang
nirokake omongane wong diarani ukara langsung, dene liyane diarani ukara ora
langsung.
Tuladhane ukara langsung :

Bapak ngendikane,” Saiki gumantung kowe. Bakal koktemokake seneng lan
susah ing loro - lorone. Pilihan ana ing
tanganmu lan aku sakloron bakal nyengkuyung.”
Saiki nggawea conto ukara-ukara
manut jinise kaya kang kajaluk ing ngisor iki! Yen ana njupuka saka wacan, dene
yen ora ana ngaranga dhewe !
Ukara andharan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..............
Ukara Prentah :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...............
Ukara Pitakon :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...............
Ukara Panyeru :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………...............
Ukara Langsung :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..............
Ukara Ora Langsung :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

Saben paragraf kuwi dumadi saka
ukara inti banjur diweni ukara-ukara panjelas. Saka ukara inti kita bisa meruhi gagasan utamane .
Tuladha :

Kaka, jeneng kang tau diremehake. Iki dumadi nalika manajer umum klub
bal-balan Juventus , Luciano Moggi, komentar ngenyek, nalika jeneng Kaka
‘beredar’ ing bursa pemain-pemain anyar saka Brazil, “ Kaka? Aku ora bakal
ngontrak pemain kanthi jeneng kaya ngono kuwi!”
Ukara kang kacithak miring minangka ukara intine.
Ukara iki minangka wedharing gagasan kang kepengin ngandharake yen jeneng ora kena kanggo ukuran apik lan eleke
(mutune) wong.
GLADHEN :
Paragraf-paragraf ngisor iki golekana ukara intine banjur apa gagasan utamane
!
1. Cilakane malah jeneng
Luciano Moggi sing tansah disebut yen anekdot iki dicritakake maneh saben Kaka
mbuktekake yen jeneng ‘kaya ngono kuwi’ ora ngalangi dheweke dadi pemain
hebat ing bumi iki. Tahun 2007,
rong gelar wis
kacekel yaiku European Footballer of the Year lan FIFA Player of the Year. Iki
merga perane ing AC Milan, ndadekake juara Liga Champions Eropa lan juara Piala
Dunia antar klub FIFA ing Jepang. Ing
kejuaraan sing pengkasan iki Kaka dinobatake dadi pemain terbaik.
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….............................................................
2. Ing Brazil, bal-balan
minangka ‘jembatan emas’ ora mung kanggo kelas ngisor nanging uga kelas sing
paling asor kaya sawetara pemain bal-balan kondhang saka Brazil, kayata Pele,
Romario, malah Ronaldo lan Ronaldinho kang asale saka favella utawa slum alias
perkampungan kumuh. Wiwitane mung nendhang bal plastik ing sembarang
lingkungan, para pemain ngetop iki thukul alamiah kanthi cara maine kang ora
tinemu ing buku. Mulane para pemain Brazil lumarah disebut seniman
bal-balan.
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
3. Beda
karo Kaka. Nalika isih umur patang taun, kulawargane pindhah menyang Curitiba , Brazil
sisih kidul banjur telung taun maneh menyang Sao Paolo. Wektu iku guru
olahragane nganjurake marang Simone, ibune Kaka kang dadi guru Matematika,
supaya putrane dilebokake sekolah bal-balan. Kanthi cepet Kaka dadi anggota,
lan ing taun 1977, ing umur 15 taun, dheweke wis mlebu tim yunior klub kang kondhang ing
kono. Prestasi kaya ngene iki kanggone masyarakat kelas ngisor ora dadi masalah
merga wis ora
duwe pilihan liyane. Nanging kanggone Kaka iki dadi masalah, merga dheweke isih
duwe ppilihan kang akeh banget.
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
4. Apa ora
kemoncolen ing atase isih umur 19 taun duwe rancangan kaya ngono kuwi? Nyatane
angka 1 nganti 9 bisa digayuh ing wektu 18 wulan! Edan tenan! Suksese Kaka
diwiwiti nalika pelatihe kanga ran Oswaldo Alvarez mromosekake dheweke ing tim
professional. Kaka nyetak rong gol ndadekake Sao Paolo juara ngalahake Botafogo
ing final turnamen Rio-Sao Paolo. Lair fenomena anyar kang dicathet pers
minangka ‘kaka” nirokake adhike kang ora bisa ngucapake “Richardo”. Wiwit kuwi Sang Pahlawan Richardo Izecson Santos
Leite ngumumake yen dheweke luwih seneng
diceluk utawa diparabi ‘Kaka’.
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….

Saka wacan
‘Kaka’ ing dhuwur kita bisa nyimpulake yen Kaka kuwi pemain bal-balan kang
hebat kang muncul saka kluwarga menengah ora kaya pemin Brazil liyane.
Dheweke bisa sukses merga oleh dukungan wong tuwane lan uga duwe komitmen kang
gedhe marang profesine. Dheweke dadi populer merga prestasine lan uga merga
rupane sing nggantheng.
GLADHEN :
Wanen batin !
ANJAR ANY
ASMANE ISIH MUMBUL ING TAWANG
Yen
ing tawang ana lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas
Sun takokke pawartamu
…………………………………………………………..
Cuplikan langgam “ Yen Ing Tawang
Ana Lintang “ ing ndhuwur kena diarani
lagu legendharis kang ora luntur dipangan jaman. Wiwit ngumandhang sepisanan ing
tahun 1960 nganti tekan seprene lagu kasebut ana ngendi bae lan acara apa wae
sering ngumandhang, gawe adhem lan regenge swasana.
Sing ora ngerti, ngira yen langgam
kasebut nggambarake nom-noman kang lagi keyungyun marang kekasihe. Liya saka
kuwi, sing durung ngerti mesthi padha ngira yen sing ngripta langgam kasebut
sawijining wanita sing ayu merak ati.
Pangira lelorone iku salah kabeh. Langgam
“ Yen Ing Tawang Ana Lintang “ kuwi sejatine kayungyune sawijining bapak
kang kepingin banget duwe anak wedok, jalaran anak – anake kang wis lahir lanang kabeh. Mula dheweke tansah
ngarep-arep marang Nugrahane Gusti Allah supaya pinaringan anak wedok. Dene
jeneng Anjar Any kuwi dudu sawijining wanita, nanging malah priya kang gagah
pideksa kaya Raden Gathutkaca
Saiki,
priya kang lair ing Kutha Ponorogo 3 Maret 1936 kasebut urip tentrem kasandhing
garwa kinasih lan putra wayah. Panjenengane
uga keturutan kagungan putra putri siji saka putrane lima cacahe. Kabeh
putrane wis
padha mencar. Ana sing dadi dhosen, ana sing dadi dhokter, ana sing makarya ing
Astra Jakarta. Kabeh mau gawe bombonge Anjar Any kang wis ngripta lagu cacah 2000-an luwih, mula
ora aneh manawa panjenengane kacathet mlebu MURI.
Sejatine
Pak Anjar Any iku asmane Anjar Mujiono. Ngaku ora duwe dharah seniman
babarpisan, amarga wong tuwane sing aran Martodimedjo lan Kasirah kuwi
sawijining bakul. Amarga saben dina ditinggal dodolan ana pasar, mula Anjar
Mujiono cilik kerp dititipake ana tanggane kang kebeneran sawijining pesindhen kondhang kang asmane Bu Rumsiah.
Iya ing kene Anjar kerep krungu swarane tembang sing dilagokake Bu Rumsiah,
wiwit tembang macapat nganti tembang gedhe. Suwe-suwe swara tembang mau raket banget ing kupinge.
Anjar cilik uga kerep diajari njoged. Wiwit SMP bakate Anjar katon manjila.
Nalika mlebu SMA tahun 1955 ing Sala, Anjar kasmaran marang wanita kang jenenge
Any. Wusana jenenge banjur kagandheng karo wanita mau, dadi Anjar Any, lan
lestari nganti saiki.
Urip
ana Sala, bakate Anjar Any saya kaasah landhep. Ndilalah nalika mondhok ana
kampung Punggawan, kesenengane Anjar nembang dirungu dening penyanyi RRI Sala sing jenenge Mariana. Dening Mariana
, Anjar banjur diajak latihan ana Orkes
Keroncong Irama masa lan ditepungake karo Pak Sarbini saka RRI Sala. Ya Pak Sarbini iki kang dianggep guru lan
sumber inspirasi nganti saiki. Pak Anjar Any rumangsa kepotangan budi kang
tanpa umpama.
Kang patut dadi patuladhan saka
keluarga Anjar Any, ingatase seniman kang pametune ora ajeg ( seniman jaman
biyen pengasilane ora gedhe lan akeh susahe ), bisa ngentasake anak lima dadi
sarjana kabeh. Kepriye resepe ? Miturut andharane Bu Anjar, kanca-kanca seniman
kuwi racake saiki golek saiki entek. Sesuk ya golek maneh. “ Ananging
yen bapak kuwi, aku sing dadi pengendhaline. Yen ora ngono ya ora bisa dadi
kaya saiki iki “, ngono ngendikane Bu Anjar. “Ananging rahasiane, bapak kuwi
terbuka marang wong saomah. Pira-pira asile, bocah-bocah padha ngerti kabeh.
Iya saka kono bocah-bocah banjur ati-ati lan sregep sekolahe nganti bisa dadi
wong kaya saiki”, bacute.
Ing
dina-dina iki sing durung kelakon diwujudake yaiku angen-angene kanggo gawe musium keroncong.
Luwih-luwih Sala iku mujudake gudhange seniman keroncong wiwit biyen nganti
saiki. Pepinginan mau uga disengkuyung dening putrane sing dadi dokter. Mung
kari nunggu wektu bae lan nunggu panyengkuyung saka pamarentah liwat instansi
terkait. Sing wis
diwiwiti dening Pak Anjar Any yakuwi ngumpulake dokumen lagu-lagu asil
reriptane.
1.Gawea pitakon cacah 10 kang wangsulane tinemu
ing wacan ” ANJAR ANY ”
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
2.Tulisen dudutane wacan ing ndhuwur !
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
ULANGAN TENGAH SEMESTER
I.
Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi
milih salah sawijining wangsulan kang paling bener!
1.
Sing ora kalebu paugeraning tembang macapat yaiku….
a. guru
lagu c.
guru swara
b. guru
wilangan d.gatra
Adhuh
Gusti dhuh hyang widi kadi pundi
Babo
tulungana
Kadangku
kentir ing kali
Mitraku
kentir ing tirta
2.
Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku
….
a.
12i, 6a, 8i, 8a c.
12i, 6a, 8i, 8o
b.
12i, 6o, 8i, 8a d. 12u, 6a, 8i, 8a
3.
Adhedhasar paugerane tembang ing ndhuwur kalebu jinise
tembang macapat….
a.
pangkur c.pocung
b.
asmaradana d.durma
Putra
iku wajib bekti rama ibu
Kanthi
asih tresna
Resepna
sajroning ati
Jer
tan bekti sanyata bocah duraka
4.
Tembang ing ndhuwur ngemu surasa….
a.
panyuwunan anak marang Gusti c. kwajibane anak marang wong twa
b.
tanggung jawabe wong tuwa d. kwajibane wong tuwa
Pitutur
bener iku
Sayektine
apantes tiniru
Nadyan
metu saking wong sudra papeku
Lamun
becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
5.
Tembang ing ndhuwur ngemu surasa….
a.
pitutur becik kudu ditiru senajan saka wong sugih
b.
pitutur becik kudu ditiru senajan saka wong asor
c.
pitutur becik ora usah ditiru yen saka wong sudra
d.
pitutur becik kudu ditiru yen saka wong pinter
Emak
|
:
|
Alhamdulillah…
|
|
Darman
|
:
|
Maaak…. ( Darman nyeluki emake karo ngempet adhem )
|
|
Sekar
|
:
|
Apa Man ?
|
|
Darman
|
:
|
Adhem….
|
|
Sekar
|
:
|
Kene rada cedhak mbake!
|
|
Darman
|
:
|
Mbak…
|
|
Sekar
|
:
|
Luwe ya….?
|
|
Darman
|
:
|
Ya…( manthuk karo ngekep wetenge amarga asawan ora kisen)
|
|
Sekar
|
:
|
Kosik , ya…( sekar mingset ngranggeh tas elek cemanthol ing cagak gubug)
|
|
Sekar
|
:
|
Mak… emak arep nyapa?
|
|
Emak
|
:
|
Iki lo …(
karo ngethungake panci elek isi beras sethithik )
|
|
Sekar
|
:
|
Nggak usah, Mak! Ana iki lo! ( Sekar nuduhake bungkusan sega )
|
|
Emak
|
:
|
Sepurane ya cah, anakku! ( sinambi ngelus anake )
|
|
Sekar
|
:
|
Emak gak salah .
|
6.
Setting swasana kang kagambarake ana pethikan nskah ing
ndhuwur yaiku….
a.kadhemen lan
ngantuk c.
kadhemen lan keluwen
b. ngantuk lan
kesel d.kadhemen
lan kekeselen
7.
Adhedhasar pethikan naskah ing ndhuwur setting wektu
kang bisa kita deleng yaiku….
a. wektune wong
mangan sore c.
wektune wong turu wengi
b. wektu Darman
pengin mangan d.
wektu udan wis arep terang
8.
Adhedhasar pethikan ing ndhuwur watake Sekar yaiku ….
a. beneh c.
ngresula
b.luwen d.
sabar
9.
Adhedhasar pethikan ing ndhuwur watake Darman yaiku ….
a. ora kuawat
luwe c.
betah luwe
b. ngangisan d.
gampang luwe
10. Adhedhasar
pethikan ing ndhuwur watake Emak yaiku ….
a. sedhih c.
nalangsa
b. sabar d.
cethil
Mira
|
:
|
Dasar bocah mlarat, sombong !
|
Sekar
|
:
|
Wo, dak kira wong sugih ora mikiri dhuwit?
|
Koor
|
:
|
Kowe kok ngenyek tenan ta?
|
Siska
|
:
|
Aja sembarangan ya!
Omong saenake dhewe !
|
Sekar
|
:
|
Yen sampeyan butuh dhuwite dakdongakake oleh juara!
|
Mira
|
:
|
Kurang ajar tenan kowe! Ngenyek !
|
11. Amanat
sing bisa dijupuk saka pethikan naskah ing ndhuwur yaiku ….
a. wong sugih
kena ngenyek wong mlarat
b. wong mlarat
ora kena ngenyek wong sugih
c. Dongakna wong
kang tumindak ala marang awakmu
d. sedakna wong
kang tumindak ala marang awakmu
12. ? %[zrn\, Manawa diowahi aksara latin yaiku....
a.
Pangeran c.
pangeram
b.
Dagelan d.
pagelaran
13. #/ [no ln²
ai[mo. Yen ditulis Latin
yaiku….
a.
Warno lan Paimo c.
Darno lan Imah
b.
Tarno lan Paimo d.
Darno lan Paimo
14. * suki lgi
sinau. Yen ditulis Latin yaiku…
a.
Subaki lagi sinau c.
Basuki lagi sinau
b.
Sanusi lagi mlayu d.
Marjuki lagi sinau
15. Narimo
isih sekolah. Ukara kasebut manawa katulis Jawa yaiku….
a.
nri[moaisih[s[kolh c.
@
ri[moaisihse[kolh
b.
nrimaisih
se[kolh d. !ri[moaisihse[kolh
16. Badrus
tuku klasa. Ukara kasebut manawa katulis Jawa yaiku….
a. bfu]stukukLs
b. bfu]s|Ã’kukls
c. *fu]s|Ã’kukLs
d. *fu]s|Ã’kukls
17. Murdanu
kringeten. Ukara kasebut Manawa katulis mawa aksara Jawa yaiku….
a.
mu/f!u
ki]zetTen\ c. mu/f!u ki]zeten\
b. mu/fnu ki]zeten\ d. mu/fnu ki][ztTen\
Kang patut dadi patuladhan saka keluarga Anjar
Any, ingatase seniman kang pametune ora ajeg ( seniman jaman biyen pengasilane
ora gedhe lan akeh susahe ), bisa ngentasake anak lima dadi sarjana kabeh. Kepriye
resepe ? Miturut andharane Bu Anjar, kanca-kanca seniman kuwi racake saiki
golek saiki entek. Sesuk ya golek maneh. “ Ananging yen bapak kuwi, aku
sing dadi pengendhaline. Yen ora ngono ya ora bisa dadi kaya saiki iki “, ngono
ngendikane Bu Anjar. “Ananging rahasiane, bapak kuwi terbuka marang wong
saomah. Pira-pira asile, bocah-bocah padha ngerti kabeh. Iya saka kono
bocah-bocah banjur ati-ati lan sregep sekolahe nganti bisa dadi wong kaya
saiki”, bacute.
18. Paragrap
ing ndhuwur ide pokoke yaiku….
- Kang patut dadi patuladhan saka keluargane Anjar Any.
- Resepe bias urip kanthi pengasilan kang ora ajeg.
- Rahasiane , bspsk terbuka marang wong saomah.
- Bocah – bocah ati – ati lan sregep sekolah
19. Kang
kalebu jinise tembung kriya ing paragrap ndhuwur yaiku….
a.
seniman c.
pametune
b.
golek d.
entek
20. Kang
ora kalebu tembung rangkep ing ing paragraph yaiku….
a. kanca – kanca c. pira
– pira
b. ati – ati d.sregep
sekolah
Ing Brazil, bal-balan minangka
‘jembatan emas’, ora mung kanggo kelas ngisor, nanging uga kelas sing paling asor.
Sawetara pemain bal-balan kondhang saka Brazil, kayata Pele, Romario, malah
Ronaldo lan Ronaldino kang asale saka favella
utawa slum alias perkampungan kumuh.
Wiwitane mung nendhang bal plastik ing sembarang lingkungan, para pemain ngetop
iki thukul alamiah kanthi cara maine kang ora tinemu ing buku. Mulane
para pemain Brazil
lumrah disebut seniman bal-balan.
21. Paragrap
ing ndhuwur kang minangka ide pokoke yaiku….
- Gunane bal – balan kanggo masyarakat Brazil
- Pengaruhe bal – balan kanggo masyarakat Brazil
- Wiwitane bal – balan ing Brazil
- Brazil sinebut seniman bal – balan.
22. Nyapa
pemaiil Brazil lumrah diarani seniman bal – balan?
a.Amarga pemaine
saka kalangan sing paling asor.
b.Amarga pemaine
saka perkampungan kumuh.
c.Amarga
wiwitane mung dolanan bal plastic.
d. Amarga cara
maine alamiah ora ana ing buku.
23. Kang
kalebu jinise tembung kriya ing ing paragrap yaiku….
a. minangka c.
perkampungan
b.nendhang d.
alamiah
24. Kang
kalebu tembung dwi lingga ing ing paragraph yaiku….
a. jembatan emas c. bal –
balan
b.bal plastic d.
seniman bal
25. Ibu
dhawuh,” Susi, sesuk aja nganti ora sekolah ! “
Ukara kasebut
manawa dideleng saka carane ngandharake digolongake ukara….
a. Ukara
langsung b. ora langsung c. ukara pitakon d. ukara carita
II. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki
!
Sabar maklum momot mengku
Iku pambegane resi
Yen satriya wirotama
Memayu ayuning bumi
Buta watak durangkara
Mburu
butuhe pribadi
1.
Tulisen paugerane tembang ing ndhuwu r, banjur aranana kalebu jinise tembang apa?
Tulisen isine tembang ing ndhuwur kanthi ringkes wae!
2.
Nggawea tuladha ukara andharan, Prentah, Pitakon, Panyeru, Langsung lan Ukara Ora
Langsung siji-siji wae !
3.
Paragraf-paragraf
ngisor iki golekana ukara intine !
Urip ana Sala,
bakate Anjar Any saya kaasah landhep. Ndilalah nalika mondhok ana kampung
Punggawan, kesenengane Anjar nembang dirungu dening penyanyi RRI Sala sing jenenge Mariana. Dening Mariana
, Anjar banjur diajak latihan ana Orkes
Keroncong Irama masa lan ditepungake karo Pak Sarbini saka RRI Sala. Ya Pak Sarbini iki kang dianggep guru lan
sumber inspirasi nganti saiki. Pak Anjar Any rumangsa kepotangan budi kang
tanpa umpama.
4.
Ati suci
marganing rahayu. Tulisen nganggo aksara jawa !
5.
?*]t k[ro
f(%fi b_kex=zn\, Yen ditulis Latin yaiku ….
![]() |
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
Menulis surat pribadi
|
|||
INDIKATOR
|
:
|
4.1.1.Menyusun cekorongan surat pribadi yang
ditentukan
4.1.2.
Mengembangkan cengkorongan menjadi surat kiriman menggunakan ragam bahasa
jawa yang baik dan benar
4.1.3
Menulis surat balasan sesuai dengan surat yang diterima menggunakan bahasa
jawa yang baik dan benar
|
|||
A
|
SATANDAR KOPETENSI
|
:
|
Mengungkapkan pikiran, gagasan,
perasaan dan informasi dalam bentuk
|
||
B.
|
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
Menulis surat pribadi
|
||
C.
|
INDIKATOR
|
:
|
4.1.1
Menyusun
cekorongan surat pribadi yang ditentukan
4. 1.2. Mengembangkan cengkorongan menjadi surat kiriman menggunakan ragam
bahasa jawa yang baik dan benar
4. 1.3. Menulis surat balasan sesuai dengan
surat yang diterima menggunakan bahasa jawa yang baik dan benar
|
||
D.
|
MATERI
|
:
|
Layang
|
||
S
|
enajan wis ana sarana telekomonikasi
telpon apadene HP, nanging kabeh mau rak ya mbutuhake tatananing tembung kang
becik. Bedane sesambungan wicara kanthi sarana telepon apa dene HP kudu nganggo
tembung kang ringkes, padhet, cekak aos. Jalaran ana sesambungane karo mbayar
pulsa.
Supaya
bisa ngomong kanthi omber kita tetep merlokake nulis layang. Kajaba iku manawa
kita kirim pawarta kanthi layang , kita bisa gawe ramengan dhisik apa kang
bakal kita tulis. Dene manawa ramengan utawa konsep layang kang wis katulis,
banjur disalin kanthi tulisan kang luwih
sampurna. Mesthi wae nalika gawe konsep, manawa ana bab – bab kang kurang bener
utawa salah bisa enggal dibusak lan diganti tetembungane. Iku bedane karo sesambungan sarana telpon
utawa HP.
Loro
– lorone ana kaluwihan lan uga ana kekurangane. Pilih sing endi ? Nyumanggakake
!
Adhedhasar andharan ing ndhuwur , ana bab
penting kang kudu digatekake sadurunge nulis layang, yaiku nemtokake ide pokok.
Ide pokok utawa cengkorongane layang katemtokake adhedhasar jinise layang.
Manut surasane layang kena dibedakake :
- Layang ulem
- Layang lelayu
- Layang kiriman
- Layang balesan
- Layang kekancingan / prajanjen
- lsp.
Tuladha 1 :
Ide pokok / cengkorongan : Layang ulem
1.
Sapa kang diulemi ? Pak
Sastrarejo
2.
Kapan ? Minggu,
12 Agustus 2008
(
tabuh : 19.00)
3.
Papan ? Daleme
Bu Rukmini
4.
Acarane? Tahlil
5.
Kang ngundang Bu
Rukmini
Tuladha 2 :
Ide pokok / Cengkorongane layang lelayu
1. Sapa kang dikirimi ? Pak
Burhanudin
2.
Sapa kang kesusahan Ibu
Mintorejo
3.
Nyapa ? Pak
Mintorejo seda
4.
Kapan disarekake ? Minggu,
28 September 2008
6.
Sapa kang kirim ? Kluwarga
Bp. Mintorejo
Tuladha 3 :
Cengkorongan layang kiriman
Paragrap
pambuka
2. Riaya ora bisa bali
3. Kirim dhuwit
4. Nyuwun pangapura
Paragrap
panutup
![]() |
|
Tuladha : 1
![]() |
Tuladha : 2
![]() |
Tuladha : 3

Kakangmas
Danumaya
Ing Palenggahan
Assalamualaikum wr.wb,
Pamuji rahayu,
Mugi – mugi kita sadaya tansah
pinaringan wilujeng, awit saking kamirahanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kangmas Danumaya ingkang kula bekteni,
kanthi serat punika kula ngaturi priksa
bilih kawontenan kula ing nagri sabrang tansah ginanjar rahayu kawilujengan. Kula
suwun kawontenan ing mriki makaten ugi. Kula namung saged nenuwun mugi –
mugi bapak saha ibu lan sadaya
kluwarga ing ndalem tansah pinaringan rohmatipun Gusti Allah Ingkang Maha Mirah.
Kajawi saking punika, ingkang rayi
perlu ngaturi priksa bilih mbenjang dinten riadin kula mboten saged wangsul.
Pramila kanthi serat punika kula namung
saged nyuwun pangapunten ingkang saagungingipun. Mliginipun dhumateng
bapak saha
ibu ugi dhumateng sadaya kadang ing ndalem.
Kangmas Danumaya ingkang kula tresnani,
wonten ing kalodhangan punika alhamdulillah kula tampi kalonggaran rejeki awit
kamirahanipun Gusti. Pramila keparenga kula kintunaken. Mugi – mugi kenging
dipunagem nyekapi kabetahan riyadin, sanajan mboten kathah.
Kangmas ingkang kula tresnani,
mbokbilih cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten bab – bab
ingkang kirang prayogi kepareng nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Mugi
katur salam taklim kula dhumateng bapak
saha ibu. Nuwun
Nagri Sabrang, 27 Oktober 2010
Wassalam
Adhimas Supanji

Kaya dene yen
arep nulis layang – layang liyane, langkah kapisan yaiku : gawe cengkorongan.
Tuladha :
Balesan layang kiriman tuladha nomer 3
Cengkorongane
1.
Tujuan Adhik
Supanji
2.
Alamat Ing
Nagri Sabrang
3.
Pambuka Salam
Paragrap
pambuka
4.
Isi Ngabarake
keslametan
Ngabarake
manawa layange wis katampa
Matur
nuwun kirimane dhuwit
Menehi
pangapura
5.
Panutup Salam
Paragrap
panutup
6. Pengirim Danumaya
Wujude layang :
![]() |
Kajaba tuladha layang – layang ing ndhuwur, ana
kang diarani layang kitir utawa kitir wae. Wujude saka dluwang sasuwek sukur
ditekak – tekuk isine ringkes banget, ora nganggo pambuka lan panutup. Lumrahe
yen jaman saiki diarani SMS.
Tuladha
:
GLADHEN :
1. Gawea
layang kiriman kang jangkep ! Coba gatekna cengkorongan ing ngisor iki !
A. Cengkorongan
B Wujude
Wangsulan :
|
2.
Adhedhasar layang
kiriman kang wis
kogawe banjur gawea layang balesane !
Wangsulan :
|
3. Gawe layang ulem kanthi cengkorongan kaya
ing ngisor iki !
![]() |
Wangsulan :
![]() |
4. Gawea layang kitir kang wujude kaya SMS
isne manut karepmu !
Wangsulan :
![]() |
A.
STANDAR KOMPETENSI
|
:
|
4. Mengungkapkan pikiran,
gagasan, perasaan dan informasi dalam bentuk
|
||
B.
KOMPETENSI DASAR
|
:
|
4.2 Menulis huruf Jawa
|
||
C.
INDIKATOR
|
:
|
4.2.2. Menulis ungkapan menggunakan huruf Jawa
|
||
D. MATERI
|
:
|
Aksara Jawa Sesanti
|
||
.
Sesanti
kuwi sawijining unen-unen . Unen-unen dianggep kadidene ukara, mula panulise
sesanti ora beda kaya panulise ukara nganggo adeg-adeg ? minangka wiwitaning ukara lan . yen wekasane wanda menga utawa \ , yen wekasane wanda sigeg ,minangka tandha titik.
Tuladha
:
Ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa tut wuri handayani.
? ai= z/s su=
tu l d ai= m f- m zu nK/s tu tW|| ri anF y nNi .
GLADHEN
:
Sesanti-sesanti ing ngisor iki tulisen
nganggo aksara Jawa !
1. Ati suci marganing rahayu.
2.
Rame ing gawe sepi ing pamrih.
3.
Memayu hayuning bawana.
4.
Aja dumeh kowe kuwasa.
5.
Manungsa sadrema nglakoni.
6.
Sapa sira sapa ingsun..
7.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
8.
Mikul dhuwur mendhem jero.
9.
Mulat sarira angrasa wani.
10. Didhadhunga
medhot dipalangana mlumpat.
Papan kanggo nggarap :
?atisucim///gn==rayu,,
?r[mai=gwesepm[ih………………………………………………………………
?m[myuayunibwn
Ajdumehkowekuas
Mnussdrmnnddrnlani
Spsirsphisun
Rwerawrntasmlputu
Mikuldhuwurmendhemjero
Mmultsrirang……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
GLADHEN ULANGAN PUNGKASANING SEMESTER
I. Wangsulana
pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tanda ( X ) ing salah siji wangsulan kang paling bener !
Gereng – gereng gathut kaca sru
anangis
Sambatnya mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinameng astanira
1.
Kepriye paugerane tembang macapat ing ndhuwur ?
a. sekawan
gatra c.
12i, 6a, 8i, 8a
b. 12, 6, 8, 8 d.
12is, 6sa, 8li, 8ra
2.
Adhedhasar paugerane tembang ing ndhuwur diarani
tembang….
a. pocung c.
gambuh
b. maskumambang d.
dhandhanggula
eling – eling
pra siswa den eling
kang
pracaya mring adiling Allah
Mituhua
ing dhawuhe
Aja
nrajang pepacuh
Marsudia
ambeg utami
Rila
sabar narima
Temen
budi luhur
Netepi
dhawuh agama
Pepakeming
agama islam kang yekti
Anuntun
batinira
3. Tembang
ing ndhuwur paugerane yaiku….
a. 10i,10a,8,e7a,9i,7i,6u,8a,12i,7a c. 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7
b.
10i,10a,8,e7a,9i,7a,6u,8a,12i,7a d.
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
4. Yen
dideleng paugerane tembang nomer telu iku diarani tembang….
a. asmarandana c.
maskumambang
b. dhandhanggula d.
sinom
Mituhua ing dhawuhe
Aja nrajang pepacuh
5. Pethikan
tembang ing ndhuwur mengku teges….
a. Kita
kabeh kudu nindakake dhawuhe Gusti Allah.
b. Kita
kabeh kudu nyingkiri dhawuhe Gusti Allah.
c. Kita
kabeh kudu nindaki larangane Gusti Allah.
d. Kita
kudu nindaki dhawuh lan nyingkiri larangane Allah.
Marsudia ambeg utami
Rila sabar narima
Temen budi luhur
6. Pethikan
tembang ing ndhuwur mengku teges….
a. Kita kudu tumindak
kang ora utama.
b. Kita ora
perlu tumindak becik.
c. Kita kudu
sabar,nrima lan budi luhur
d. Kita ra perlu
sabar, nrima lan budi luhur.
7. Kepriye
carane supaya kita bisa rila, sabar lan nduwe budi pekerti kang luhur manut
tembang ing ndhuwur ?
a. nindakake
aturaning agama c.
nindakake sembahyang
b. nindakake
karukunan d.
ora nindakake apa – apa
Sekar
|
:
|
Matur nuwun , Maaak…dongane
Emak kabul…
|
||||
Darman
|
:
|
Selamet ya ,Mbak…
|
||||
Emak
|
:
|
Bocah – bocah..sing gedhe rasa
syukurmu. Kabeh iki mung karsaning Gusti Kang Maha Agung. Kowe kabeh aja
nganti takabur. Dingati – ati nalika tampa rejeki..
|
||||
Koor
|
:
|
Matur nuwun Gusti…….( sujud) ………
|
||||
Emak
|
:
|
Wis…wis…kana gek budhal
sekolah…tiwas telat….
|
||||
8. Adhedhasar
pacelathon sacuwil ing ndhuwur, kepriye watake paraga Sekar ?
a. sugih akal c.
sugih sukur
b.pinter nulis d.
sregep sekolah
9. Adhedhasar
pacelathon sacuwil ing ndhuwur, kepriye watake paraga Emak ?
a. sabar marang
anake c.
sukur e gedhe
c. ngrengkuh
anake d.
ora takabur
10. Kang ora
kalebu amanate pethikan naskah ing ndhuwur yaiku ….
a.
Kita ora kena takabur c.Kita
kudu sregep nulis
b. Kita kudu sugih sukur d. Yen sekolah aja telatan
b.
Gegayuhane Kaka wusanane
maujud nalika para ‘pencari bakat’ saka Eropa krungu. Mula Kaka banjur
ditransfer dening AC Milan. Ing tangane Carlo Ancelotti, Kaka diwenehi posisi
kang cocog karo kemampuane , kang ndadekake dheweke dadi pemain paling larang
bayarane ing Itali.
11. Kang ora
kalebu tegese tembung Gegayuhane ing paragrap
ndhuwur iku tegese….
a. cita – cita c.
kekarepan
b. kepinginan d.kesenengan
12. Tembung ditransfer ing paragrap ndhuwur iku
nduwe teges….
a. d.kirim c.didadekake
b.diwarahi d.dititipake
13. Kang ora
kalebu wujude tembung andhahan saka paragrap ing ndhuwur yaiku….
a. banjur c.gegayuhane
b.bakat d.dadi
14. Kang kalebu
wujude tembung lingga saka paragrap ing ndhuwur yaiku….
a. wusanane c.
tangane
b.bayarane d.
cocog
“ Ya, genah, mosok ana keramean cedhak wae ora ndelok ? “wangsulanku. (
1 )
“ Kadhingaren,
apa kowe wis
sinau, kok wani ndeleng jaranan? “ Badrun sajak ngece.(2)
“ Wallah, penyegaran….mosok sianu terus.”
wangsulanku guyon.( 3 ) “ Ya wis , ayo aku bareng
pisan ! “ ( 4 ) Badrun semanta karo nyengklak sepedhahe Si Dul.( 5 )
15. Yen
dideleng surasane, kang kalebu ukara andharan ana paragrap ing ndhuwur yaiku
ukara nomer….
a. 1 lan 2 b. 2 lan 3 c.
3 lan 4 d. 5
16. Yen
dideleng surasane, kang kalebu ukara panguwuh ana paragrap ing ndhuwur yaiku
ukara nomer….
a. 1 lan 2 b. 3 c.
3 lan 4 d. 4 lan 5
17. Yen
dideleng surasane, kang kalebu ukara pakon ana paragrap ing ndhuwur yaiku ukara
nomer….
a. 1 lan 2 b. 2 lan 3 c. 4 d.
5
18. Yen
dideleng surasane, kang kalebu ukara pitakon
ana paragrap ing ndhuwur yaiku ukara nomer….
a. 1 lan 2 b. 2 lan 3 c.
3 lan 4 d. 5
19. Ibu
dhawuh,” Susi, sesuk aja nganti ora sekolah ! “
Ukara kasebut
manawa dideleng saka carane ngandharake digolongake ukara….
a. Ukara
langsung b. ora langsung c. ukara pitakon d. ukara carita
Sore kuwi mendhung nggantung
nanging banyu udan ora tumurun. Angin sumilir njalari lebu – lebu kang
maune miber saya lerem. Saka pojok desa keprungu swarane gendhing – gendhing
kagawa angin. Dakrungokake saya cetha yen gendhing – gendhing kuwi keprungu minangka pangiringe joged
jaranan. Ya, aku lagi kelingan yen Pak Krama
kagungan kersa lan nanggap jaranan.
20. Paragrap
ing ndhuwur manawa ukara pokoke yaiku….
a. Sore
kuwi mendhung nggantung nanging banyu
udan ora tumurun.
b.
Aku lagi kelingan yen Pak Krama kagungan kersa lan nanggap jaranan..
c.
Dakrungokake saya cetha yen gendhing – gendhing kuwi keprungu .
d. Angin
sumilir njalari lebu – lebu kang maune miber saya lerem.
21. Paragrap
ing ndhuwur kang minangka ide pokoke yaiku….
a. Pak
Krama kagungan kersa. c.
Gendhing – gendhing dakrungokake.
b. Sore
kuwi mendhung. d.
lebu – lebu kang miber saya lerem.
Sepedhah dakpancal alon – alon. Aku nuju menyang penere swara gendhing
kang saya keprungu ngangkang. Sinambi mancal sepedhah dakbayangake jogede para
penari jaranan kang ayu – ayu, lincah tur trengginas.
22. Kang dadi ukara pokoke paragrap ing ndhuwur
yaiku….
a. Sepedhah
dakpancal alon – alon.
b. Aku
nuju menyang penere swara gendhing.
c. Gendhing
kang saya keprungu ngangkang.
d. Sinambi
mancal sepedhah dakbayangake jogede .
23. Kang
minangka dadi ide pokoe paragrap ing ndhuwur yaku….
a. Dakbayangake
jogede. c.
Swara gendhing.
b. Keprungu
ngangkang d.
Sepedhah dakpancal.
24. Ibu :
Kowe lagi ngapa Dul ?
Si Dul : Saweg nedha , Bu.
Ibu :
Lha, Bapakmu lagi ngapa ?
Si Dul : ……………………
Ibu :
Yen wis
rampung dhahar aturana tindak mrene, Dul!
Wangsulane Si
Dul kang trep yaiku….
a. Saweg dhahar. c.
Mboten ngertos
b. Lagi sare. . d. Lagi dhahar.
Anton : Arep menyang ngendi, Son ?
Soni : Menyang apotik.
Anton :………………………. ( 1 )
Soni : Tuku obat watuk.
Anton : ………………………( 2 )
Soni : Adhiku .
25. Kanggo njangkepi
pacelathon ing ndhuwur ukara nomer 1 yaiku….
a. Apotik ngendi
? b. Tuku apa ? c. Tuku obat apa? d.Arep nyapa ?
26. Kanggo
njangkepi pacelathon ing ndhuwur, ukara nomer 2 kang trep yaiku….
a. Sapa sing
lara? c.
Adhimu lara?
b. Aku ya watuk. d. Adhiku ya watuk.
27. Bedane
wicara nganggo layang karo telpon yaiku….
a. Telpon luwih
cepet layang rada suwe. c.
wicara nganggo layang luwih ringkes.
b. Wicara lewat
telpon luwih jelas. d.
Nganggo layang lan telpon padha wae.
28. Kauntungane
sesambungan nganggo layang yaiku….
a. Bisa lewat
kantor pos.
b. Olehe
nyiapake, yen salah kena dibusek.
c. Dibuntel
amplop ra ana wong weruh.
d. Ora perlu
weruh wonge wis
cukup.
Kinanthi tumekane layang iki Kangmas maringi kabar manawa kahanane
kulawarga ing omah tansah ginanjar keslametan. Mangkono uga kang ana ing kene
muga – muga uga tansah rahayu, awit saka kamurahane Gusti kang maha agung.
29. Pethikan
ing ndhuwur ana ing layang jangkep mujudake bagean ….
a. pambuka b. isi c.salam d. panutup
Tujuan………….
.Alamat………….
Pambuka
Isi :
* dina :…….
* tanggal :……..
* panggon :……..
* acara : …….
Panutup
Pengirim
30. Cengkorongan
ing ndhuwur kalebu jinise layang….
a. lelayu b. kitir c. ulem d. balesan
31. Wujude
layang yen saiki kaya SMS diarani layang….
a. lelayu b. kitir c. ulem d. balesan
32. @/mfi aj/ zji manawa katulis Latin…
a. Karmani ajar
ngaji c.
Karmana ajar ngaji.
b. Karmani ajar
nyanyi d.
Karmana ajar nyanyi
33. f/m! k]s muzNs\ manawa
katulis Latin…
a. Darmana krasa
luwes. c.
Darmana krasa mules
b. Darmono krasa
mules d.
Darmono krasa luwes
34. f/m[n°otib
[kLmhan\ manawa katulis Latin…
a. Darmano tiba klemahan c. Darmanto tiba klemahan
b. Darmanto tiba klemahhan d. Darmano tiba klemahhan
35. &unwnWibisn sinau mc manawa
katulis Latin…
a. Gunawan
wingi padha sinau maca. c.
Gunawan Wibisana seneng maca
b. Gunawan
Wibisana sinau maca d.
Gnawan bisa sinau maca
36. *]t k[ro f(%fi b_kex=zn\ manawa
katulis Latin…
a. Brata
karo Drupadi bengkerengan. c.
Brata karo Drudani bengkerangan.
b. Brata
karo Druwani bengkerengan. d.
Brata karo Drupadi bengkerengngan.
37. Ajining
dhiri . Ukara kasebut manawa ditulis Jawa….
a. ajni= diri c.
ajin=firi
b. Ajini= firi d. Ajini= diri
38. Sing sabar
subur. Ukara kasebut manawa ditulis Jawa ….
a. si sb/ sbu/ c.
si=sb/ subu/
b. si= subu/ sb/ d. sisb/ subu/
39. Yitna
Yuwana lena kena. Ukara kasebut manawa ditulis Jawa ….
a. yitN yuwn [ln ken c.
yitN yuwn len kena
b. yitN yuwn len[kn d. yitN
vuwn [lnken
40.
Prawira ing jurit. Ukara kasebut manawa ditulis Jawa ….
a. p]wir li= jurit\ c.
p]wir a= jurit\
b. p]wir ai= jurit\ d.
perwir ai= jurit\
II. Wangsulana pitakon – pitakon
ing ngisor iki kanthi patitis !
Sabar maklum momot mengku
Iku pambegane resi
Yen satriya wirotama
Memayu ayuning bumi
Buta watak durangkara
Mburu butuhe pribadi
1. Tulisen amanat kang ana ing tembang
ndhuwur iku 3 wae !
Tamu
|
:
|
Wiwit dina iki sampeyan kudu wani
nyawang ndonya kanthi panyawang kang manteb.
|
|
Sekar
|
:
|
Walaah…mboten wonten modhalipun.
|
|
Tamu
|
:
|
La iki modale. ( Sekar lan Darman ndomblong
nyawang amplop kang diathungke tamune `)
|
|
Emak
|
:
|
Sekar, Bapake ngasta pengumuman
olehmu lomba nulis. Dadi sampeyan oleh juara.
|
|
S + D
|
:
|
Alhamdulillaaaah……Mak….( ngrangkul mak e trenyuh )
|
|
Darman
|
:
|
Wah…oleh dhuwit limang yuta ,
Maaak. ( katon seneng )
|
|
Tamu
|
:
|
Ora mung kuwi.
|
|
S + D
|
:
|
Lajeng…?
|
|
Tamu
|
:
|
Wiwit saiki kabutuhan sampeyan
dadi tanggungane sekolah.
|
2. Sebutna amanat kang ana ing pethikan drama
kasebut !
Mulane wong tuwane banjur paring bantuan kanggo gawe
keputusan. “Bapak ibu nuduhake bot repote kang arep dakadhepi yen aku dadi
pemain bal-balan, lan uga yen sinau terus supaya dadi insinyur kaya
bapakku.” Banjur ngendikane,” Saiki
gumantung kowe. Bakal koktemokake seneng lan susah ing loro-lorone, pilihan ana
ing tanganmu lan aku sakloron bakal nyengkuyung.”
3.
a.Tulisen tembung lingga kang ana ing paragrap ndhuwur
iku !
b. Tulisen tembung andhahan kang ana ing paragrap ndhuwur iku !
4. Turutana
pituture wong tuwa. Tulisen nganggo aksara Jawa !
5. sfumukBqukSvribumi , Sesanti kasebut tulisen nganggo
aksara Latin !















0 komentar:
Posting Komentar